Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/348

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pak martinus mono ora kagungan putra dhewe. Ana sing jangkepe Yuliana iku putra angkat, sing sabenere anake adhine, dipundhut putra wiwit lair. Juliana lair kembar, adhine Yuliani ndherek Bapake dhewe karo ibune sambung. Ibune Yuliana kapundhut nalika nglairake Juliana lan Yuliani. Angone nglairake ana puskesmas, kekurangan getih nalika iku kentekan, kapeksa golek menyang RSUD ing kutha singadohe 50 km. Nanging durung nganti sing nggolek dhonor teka, ibune Yuliana kedhisikan kapundhut Gusti.

Senajan dudu putrane dhewe, nanging pangrengkuhe Pak Martinus lan Bu martinus ora beda karo marang putrane dhewe. Semono uga, Yuliana nadyan ngerti yen ibune iku sabenere budhene, nanging pangrengkuhe ibune dhewe.

Adhike Yuliana ndherek bapake ana semarang. kekarone padhapadha kelas telu SMA. Yuliana sore iki mau latihan koor kanggo pengetan Natal Mudika. Dheweke aktip ana Mudika. Wiwit cilik wis digladhi sregep sowan Gusti. Nalika SD lan SMP aktip melu Misdinar.

Adhine ana Semarang uga klebu aktip ana greja. Ya mung bapake, sawise karma maneh arang-arang menyang greja. Marga ibunesambung Yuliani durung katolik. Bener ijabe entuk dispensasi saka greja, nanging isih durung kagugah timbalane Gusti. Malah mangaribawani bapake Yuliani, Pak handoyo melu keset sowan Gusti. Ing Natal iki, Yuliani arep melu natalan mbakyune, marga ana Semarang mengko kuwatir ora ana kancane, yen bapake ora tindak. Yuliani wis kirim es-em-es marang mbakyune yen arep Natalan ana Cepu. “Mbak, preinan suk aku arep ana Budhe bae nganti natalan. dadi bisa natalan ana Cepu karo Pakdhe-Budhe lan sampeyan, merga yen ana ngomah semarang suk aku ora ana kancane. Tanggal 23 aku teka, Mbak Ana mapag ya,” mangkono antara liya unine es-em-es sing dikirim Yuliani.

“Buk, Anmi tekane rak sesuk?”

“O, iya, ya. Sesuk numpak apa jare?”

“Numpak kertajaya”

“Ben dipapag Bapak wae, Kertajaya tekane rak isih peteng.”

“Sepur saiki ora kena dijagakake, jadwale jam papat, nanging sing mesthi ngluwihi jam setengah enem. Ana wae Buk, yen wis tekan setasiyun ben telpun, yen wis padhang, aku sing mapag, yen isih peteng ben Bapak.”

“Yaw is yen ngono. Coba iki dijajal, kurang piye,” kandhane ibune karo njereng klambi sing bubar dijait. Klambi anyar arep kanggo natalan. Yuliana nampani, banjur dicoba, karo mejang-mejeng.

“Pas Bu.”

“Kari menehi itik karo benik. bisa ora kowe?” kandhane ibune.

“Ibu wae.”

“Wuus, kowe. Olehmu arep bisa tandang kapan.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

335