Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/347

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BERKAH NATAL J.F.X Hoery

Wiwit sore udane ngreceh. Sasi Desember pancen wis mangsane udan. Malah wong Jawa duwe pangothak-athik tumrap jjenenge sasi karo kahanane mangsa. Agustus, banyune wiwit dietus, September, asat-asate sumber, Oktober, wis ora ana sumber, Nopember, wiwit ana sumber, Desember, gedhe-gedhene sumber lan Januari udan sehari-hari.

Othak-athik amrih gathuk, nanging yen nonton kahanan kok ya rada bener. dadi, yen Desember terang ora ana udan, malah jenenge salah mangsa, kaum tani sing susah.

Bu martinus mbukak lawang, ngungak njaba. Udane durung clengkreng, kamangka wis saya peteng. “Bocah iki mau nggawa mantel apa ora. Yah mene kathik durung teka,” grenenge karo mlebu ngomah nutup lawang.

“Menawa Cepu udane luwih deres ta Bu, bocahe isih leren ana greja,” tumanggape Pak Martinus bareng krungu grenenge sing wedok.

“Lha iya, iki mau nggawa jas udan apa ora.”

“Lha ana kamar jas udane ana apa ora. Biasane diseleh meja”

“Ngono ora ngawekani dhewe. Wong dheweke iku yen kena udan terus masuk angin, sok banjur watuk,” jawabe Bu Martinus karo mapan lungguh ngadhep mesin jahit. Banjur kasusul suara mesin jahit.

Ora let suwe keprungu suara sepedha motor mlebu teras Sing diantuantu mlebu ngomah karo njedhindhil kudanan, klambine kebes.

“Lha, rak tenan ta, nglucut. Wong wis karuan mangsa udan, emoh nggawa jas udan,” kandhane ibune marang kang lagi teka.

“Lha, mau terang kok Bu.”

“Wis mangsa udan iku, ya jaga-jaga ta. Karo dene yen udane deres, ngeyub dhisik, ngenteni terang.”

“Ngendikane Ibu jare ora pareng nganti peteng. Apamaneh yen ngenteni terang, wong Cepu deres.”

“Yaw is kana, ndang ganti. Bubar adus awake diblonyoh lenga putih, ben ora masuk angin. Apa adus nganggo banyu anget kana.” Sing diabani

ora mangsuli, terus mlayu memburi.

334

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010