Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/346

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Loro wae cukup. Sawise dak bayar, montor alon-alon dak lakokake maneh menyang daleme Bapak.

“Lho, Bu, arep nyang ngendi maneh iki?” pitakone ardi anakku mbarep nalika weruh lakune montor ora sida mulih.

“Nyang daleme Yangkung maneh. Le. Lha iki, ngeterke duren ben ndang didhahar Yangkung,” wangsulanku.

Anakku ora cumuwit maneh, najan jroning batin mbokmenawa dheweke mbatin, “Ibu ki kok nganeh-anehi. Dhek mau wis bar saka daleme Yangkung, saiki wis meh tekan omah, lha kok mbalik maneh mrana....

“Pak! bapak!” lagi njagang montor neng ngisor wit pelem aku wis bengak-bengok ngaturi bapak. Baapak miyos karo sarungan lan ngagem baju muslim. Sajake wis siap-siap arep tindak sholat Maghrib nyang mesjid.

“Lho, ngapa kok mbalik maneh? Apa ana sing keri?”

Karo mesam-mesem aku nyangking duren loro sing gedhe-gedhe. Anakku ngetutake neng mburi.

“Iki lho Pak, dak pundhutake duren. Ayo ndang didhahar sik, sadurunge tindak masjid. Mau pas ngliwati bakul langgananku kok durene ketoke enak-enak. Dhan! Dhanny! Kene maem duren karo tante, Ndhuk!” aku ngundang ponakanku pisan. Bocahe semrinthil marani.

“Oalah, kok ora sesuk-sesuk wae lehmu nukokne. Yaw is, wong wis dituku, ayo ndang dimaem pisan, selak Maghrib,” karo ngendika ngono Bapak mundhut peso, njur mbukak duren sing sakjane wis meh mlethek saking tuwane. Duren loro telap-telep didhahar, klebu aku, Dhanny lan anakku loro pisan mmelu mangan.

“Kok enak-enak iki mau durene. Regane rak ya larang?” ngendikane Bapak sawise rampung dhahar duren. Aku ora mangsuli. Ora ana tembung larang. Kanggo Bapak kudu dak aturi barang sing paling apik, amarga Bapak wis maringi sembarang kalir sing apik-apik kanggo aku. Wiwiit jaman cilikanku biyen nganti saiki, aku wis omah-omah, Bapak ora tau leren maringi apa wae minangka wujud katresnane marang aku. Aku sing durung bisa ngaturi apa-apa minangka wujud katresnanku marang Bapak.

Jaya Baya, No. 13, Minggu V, November 2008

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

333