Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/344

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ndhilalah saiki aku bali maneh manggon sakkutha karo Bapak, nanging ora saomah. Gek bojoku adoh pisan, amarga dhinese pindhah nyang Palembang setahun kepungkur. Minangka anak sing bekti marang wong tuwa, saben dina aku panggah wira-wiri nyang daleme Bapak, nginguk apa ta apa sing dikersakake, senajan ing daleme bapak uga ana Ibu lan Mbakyuku.

Nalika sore kuwi aku dokan karo anakku loro, Bapak ketok rada gerah. Adate nek sore ngene iki tindak-tindak karo mirsani cah-cah sepedhahan neng dalan, iki mau kok sareyan neng sofa ruang tamu.

“Bapak gerah, ta?” pitakonku.

“ora papa, mung rada lemes,” ngendikane Bapak njur mak nyat lenggah nalika pirsa tekaku.

“Kepengin dhahar gule apa piye?” aku takon maneh minangka anak kesayangan, aku wis apal karo pakulinane Bapak. Nek rada gerah ngene iki adate tensine suda. Mengko nek wis dhahar gule lan sate kambing, biasane njur dhangan maneh.

“Gak usah. Ibumu mau wis masak rawon, kok. Piye acarane neng ngebel mau? Bapak genti ndangu aku.

Dhek wingi aku pancen pamit Bapak merga ana undangan pertemuan pengarang ing Panaraga, diterusake rekreasi mmenyang Tlogo ngebel. Sak jeg jumbleg manggon neng madiyun aku pancen durung tau nyang Ngebel, mulane bareng ana sing ngejak aku njur sumrinthil melu. Pengin ngerti kaya ngapa wujude Tlogo Ngebel kuwi, sing jarene uga kondhang akeh durene.

“Yaw is kaya ngana kae Pak. Sakjane panggonane apik, ning rada sepi. Nek kanggo cah-cah dolan jik penak nyang Sarangan, isa numpak jaran la nana praune barang. Nneng Ngebel kana mung ana bandhulan lan plurutan. Nanging maeme enak, Pak, ditraktir iwak goring nganggo sambel lan lalap. Wah, maemku akeh tenan,…” wangsulanku njur ngethuprus crita.

Ket cilik pakulinanku ora ana sing owah. Angger suwe ora ketemu Bapak, mesthi critaku ora ana enteke. Kamangka sakjane ngono meh saben dina aku ketemu Bapak.

“Kowe ya tuku duren neng kana? Apa wis usum?” pandangune Bapak.

“Ora Pak. Males, wong aku wis wareg bar maem sega rong piring karo iwak loro. Arep nggawa mulih ya wegah, wong regane ora kacek okeh karo sing didol neng Sleko. Luwung tuku neng kene wae suk kapan-kapan....”

Bapak ora ngendika apa-apa. Aku dhewe njur ibut ngurusi anakku sing tiba saka sepedhah nganti bundhas sikute.

“Tante wingi neng Ngebel gak mundhut duren ta?” saiki sing takon genti Dhanny, keponakanku cewek sing umure limang taun.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

331