Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/343

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU, BAPAK, LAN DUREN
Rini T. Sudewo

Yen lagi usum duren kaya ngene iki, aku mesthi kelingan Bapak. Bapakku dhewe, dudu bojoku utawa bapake anak-anakku. Njur apa sesambungane Bapak karo duren? Erat banget amarga ngrembug bab duren lan Bapak mesthi ngelingake marang jaman cilikanku, sing diarani masa kecil bahagia....

Bapak remen dhahar duren. Lan karemenane kuwi nurun marang aku, anak ragil saka sedulur cacah loro wadon kabeh. Eman kok ora nurun marang mbakyuku, apadene nular marang Ibu. Wong saomah cacah papat sing seneng dduren mung aku lan Bapak. Aku isih kelingan jaman cilikanku biyen, angger usum duren, Bapak mesthi ngejak aku tuku duren neng pasar Sleko, sentra bakul duren ing kutha Madiyun Leh ngejak mmesthi wayah wengi, sawise dhahar.

“Mengko durene dimaem neng nggone bakule wae, gak usah digawa digawa mulih,” ngendikane bapak karo nggonceng aku numpak sepedha motore sing lawas, suuzuki abang tahun ’80-an. “Ibu gak dioleh-olehi Pak?” pitakonku.

“Gak usah, wong ibu ora kersa dhahar duren. Gek mbakyumu barang nek mambu duren malah muntah-muntah. Wis, mengko maemen sakwaregmu....”

Aku lan Bapak njur pesta duren, nganti mblenger.

Ngono kuwi lumaku saben usum duren, saben taun wiwit aku isih cilik nganti gedhe lan lulus kuliah. Bareng aku budhal nyambut gawe menyang Palu, pakulinan mau ilang karepe dhewe merga aku adoh karo Bapak Neng palu aku tuku duren dhewe, dakpangan dhewe. utawa di-tukokake kanca-kanca dipangan rame-rame. Embuh, neng Madiyun nalika semana Bapak nek mundhut duren karo sapa. Apa iya Bapak mundhut dhewe njur dipangan dhewe?

Mbok menawa mokal, merga Bapak ora tau kersa dhahar ijen. Nanging bab-bab kaya ngono kuwi mau ora tau dakpikir. Kabeh lumaku kaya adate ing taun-taun candhake....

330

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010