Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/341

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Kagungan kersa menapa Bu. kok manggang ayam?” pitakone Sabas marang sisihane Pandaya.

“Niku, Bapake Diyah sing gadhah kajat.”

“Perkara kajat lan dongane mengko, sing penting mangan dhisik. Bu, jupukna peso,” kandhane Pandaya.

“Ora ta, jan-jane bar entuk rejeki saka ngendi iki? Takkira ana berita penting apa ta apa,” semantane sabas karo nyidhuk sega.

Rampung olehe padha mangan, Bu Ppandaya metu karo nggawa unjukan kopi. Wis apal, wong-wong iku padha nggathok kopi. Kopi diseleh banjur ngukuti pirring-piring lan wadhah liyane.

“Wis wareg ta? iki mau rejeki saka sawab sarta berkahe Mbah Maridjan,” Pandaya mesam-mesem. Sing diomongi isih durung mudheng. Aku ora kolu arep mangan dhewe. Karo maneh wedi kuwalat, dosaa yen disangga bareng.”

“Kok ndadak Mbah Maridjan barang?” pitakone Mashari.

“Iki mau kirimane Bu Tum.”

“Bu Tum warung makan Padha wareg Ngraho?”

Pandaya ngguyu, kasusul wong telu uga padha ngguyu bareng ngerti asal-usule kiriman iku.

“Lho, piye ta kok guyon ki? Niki wau rak ngaten ta Mas Imam, jam kalih welas wau wonten tamu. Criyosipun kengkenanipun Bu Tum Warung Makan Ngraho, ngintun bapake Diyah, marga saking pambiyantunipun warung makan dados laris. Lha kula rak bingung, mbantu napa Bapake Diyah, kalih malih mangke gek mboten kangge mriki, mila kula ngrantos kunduripun Bapake Diah niki wau, mboten wanton nguthikuthik,” kandhane sisihane Pandaya sing durung mudheng larah- larahe.

“Ngaten lho Bu,” Sabas nerangake, “Dhek emben wangsul saking Merapi nika, rak mpun dalu. Luwe, ngantuk dugi Ngraho, warung makane Bu Tum kok tasih bikak. Lajeng sanu kendel ngopi. Lha, niku Pak Mashari niki rak ngangge udheng wulung kados pacakaane dhukun. Pak Pandhaya sajar teng bakule yen niku Mbah Maridjan, juru kunci merapi. Yen kepengin laris kapurih mendhet toya pethak kalih sarem ben didongani Mbah Maridjan. Kok nggih manut Bu Tum niku. Jane kula tiyang tiga niku mpun ngempet guyu, lha kok Pak Pandhaya nggih tenang mawon, malah sajak mpun ta pripun ngaten anggenipun ngyakinaken Bu Tum.”

“Lha kok terus ngirimi niki wau?”

Lha niku, sareng mpun nyedhiakaken banyu putih kalih sarem, kula nggih mbumboni. Mpun Mbah, ndang didongani, terus pripun niku. Pak Mashari ketok umak-umik, lajeng mrentah Pak Pandaya supaya uyahe disebar ana ngarep warung, banyune kapurih ngombe Bu Tum.”

“Ika kok dongani apa ta, Kang?” pitakone Panndaya marang Mashari nganggo sebutan Kang, kulina jaman interkoman biyen.

328

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010