Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/340

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lungguh ana kursi tamu, karo maca Koran sinambi ngrokok. Pikirane ngrambyang, kelingan anggone munggah merapi sesasi kepungkur wong papat saperlu ketemu Mbah maridjan.

Bali ska Kinahrejo, daleme Mbah maridjan wis sore lan tekan Ngraho bengi. Marga Sabas sing nyekel setir kesel, kebeneran ing Ngraho warunge Bu Tum iisih bukak, wong papat leren saperlu mangan lan ngopi.

“Saking pundit a Mas, kok dalu temen,” pitakone Bu Tum marang Pandaya katon ya wis kulina njajan ana kono.

“Saking merapi, niki napa murugi Mbah Maridjan,” jawabe Pandaya karo ngingeti Mashari sing nganggo udheng sulung ing sisihe.

“Who, omongane wong ra mbeneh kok digugu,” Immam Supari nanggapi omongane Pandaya sing sajak serius iku. Sing dijak omong ketok percaya, apa maneh mimike Pandaya ora ketok yen mung gawe-gawe.

“Mpun, yen pengin laris, nyuwun sawab Mbah Maridjan niki, mumpung rawuh. Tebih-tebih kula aturi saperlu kula suuwuni sawab berkahe badhe gadhah damel njing wulan ngajeng,” kandhane Pandaya mbacutake.

“Nggih napa, Mbah?” pitakone Bu Tum marang Mashari sing disebutake Mbah Maridjan.

“Lheh, kok nggatekna wong ngomong ngayawara,” jawabe Mashari karo ngiling wedang kopi, tanpa nggatekake sing takon.

“Sampeyan niku nggih ngaten, pundi enten tiyang pinter ditakoni ngaku. Sing gelem ngaku niku nggih tiyang sing ngaku-ngaku pinter. Sampeyan rak nggih nyetel televise ta, Merapi ngutahake lahar, tiyangtiyang sami ngungsi. Ning Mbah Maridjan malah minggah ten kawah , bawarasa kalih panguwasaning Merapi. Asile napa, desane aman, mboten napa-napa. Niki wau meh mboten kersa marga badhe wonten acara ing mrika. Lajeng kula semadosi mbenjang-enjang kula dherekaken kondur,” Pandaya sayangethuprus.

Sing diomongi nganti ndomblong, karo bola bali ngingeti Mashari sing udheng-udhengan wulung persis kaya dhukun ndesa, karo ngempet guyu. Imam supari nganti keseleg anggone ngempet guyu, sedeng sabas mung mesam-mesem, malah nambahi umuke Pandaya. “Pun, yen sampeyan pengin laris lan warunge tambah gedhe, mrika mundut toya pethah wonten gelas kalih sarem, bene disranani Mbah niki...”

“Hreng...hreng dhin..dhin... Pandaya kaget. Mapag wong telu sing marker sepedhah motore ing ngisor pelem.

“Ana apa, ngganggu wong arep turu wae,” takone Imam Supari.

“Wis, mlebu dhisik. Wis padha dhahar durung,” jawabe Pandaya karo mlebu ngomah. Wong telu kaget nyawang meja tamu wis ana tatanan dhahar. Pandaya mbukak wadhah iwak pitik panggang sing ditutupi lembaran Koran.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

327