Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tekan latar jangkahku kandheg. Sajake lagi ana tamu. Sebab ana sepedha montor abang kang diparkir rada ing pojokan, kaling-kalingan wit kemuning. Aku apal, sapa sing duwe sepedha montor kuwi. Nanik, pegawai apotik langgananku. Aku karo dheweke dadi kenal apik merga saben aku njupuk resep kok ndilalah dheweke sing ngladeni. Ngomongngomong njur suwe-suwe dadi akrab. Malah yen ana resep sawayahwayah upama aku ora bisa njupuk dhewe kena dititipake dheweke. Wong omahe sakjalur, saben dina dheweke ngliwati omahku. Dadi aku cukup tilpun, kabeh bakal beres.

Temenan. Apa pakone Nanik dakturut. Kaya mau bengi, oleh resep saka Dhokter Han, dhokter langganane Mas Dony, aku cukup tilpun marang Nanik. Esuke arep kerja Nanik mampir menyang omahku saperlu njupuk resep, mengko baline diampirake (Mas Dony pancen duwe kelainan karo pencernaane, saengga saben rong minggu sepisan mbutuhake kontrol dhokter).

Aku mlebu ruwang tamu sing bukakan. Sepi. Nanik ora katon irunge. Semono uga Mas Dony. O …, mbomanawa ana studio. Nanik rak seneng karo lukisan. Dheweke uga asring nonton Mas Dony nglukis. Yen ngepasi ngampirake obat, upama ngerti Mas Dony nglukis ngono biasane Nanik nyempatake nonton olehe nglukis Mas Dony ora ketang sedhela.

Jegagik, jangkahku kandheg ing ngarep lawang studio. Sikilku rasane kaya kepaku ing bumi. Gusti…, apa mripatku ora salah deleng? Sing lagi kekepan ing ngarep lukisan anggrek sing durung dadi kuwi Mas Dony lan Nanik. Edan! Rasane aku kepengin njerit. Nanging lamabeku kaya kekunci. Dadine aku mung bisa mlorok nyawang adhegan romantis kaya sing kerep daktonton ing sinetron. Aja takon kepriye rasane atiku.

Alon-alon sikilku dakpeksa ngedohi ruwang studio. Mumpung aku isih duwe kekuwatan kanggo oncat. Gengsi rek yen aku nganti ambruk ana ngarepe Mas Dony. Aku gela, ngapa mau kok ndadak kesusu mulih barang. Upama aku mau ora kesusu bali, jathuka rak ora perlu weruh sesawangan sing nglarakake ati iku.

Aku mlebu kamarku dhewe. Sirahku puyeng. Pikiranku kuwur. Aku perlu nata atiku sing morat-marit dadakan iki sadurunge gawe keputusan. Eh, apa bener sing dikandhakake kanca-kancane Mas Dony Manawa seniman kuwi putuh petualangan-petualangan, mbutuhake sensasi-sensasi kanggo ngasilake karya agung, karya sing spektakuler, embuh, ah! Kanggoku kuwi kabeh embel gedhes, tai kucing, gumblis!

“Katresnan kuwi aneh. Ngurmati. Kadhang sok angel dipahami. Nanging senajan dikaya ngapa, tetep wajib disyukuri minangka berkah saka Hyang Widhi. Sebab tresna bisa nuwuhake rasa tentrem, rasa ayem, lan mulya ing ati,” ujare Mas Dony sawijine wektu.



Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

21