Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/339

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wan apa bapake bocah-bocah.Yen dhuwit ora ngarah, wong gandhengane karo kelarisan olehe dodolan...”

Rampung ngelih sega menyang ething, bali nemoni sing ngirim karo kandha, “Wah, baline kothong.”

“Mboten menapa-menapa, Bu.”

“Inggih, mangke dipun aturaken sinten asmane Ibu, bilih Pak Pandaya sakeluarga sampun nampi kintunanipun lan ngaturaken panuwun.”

“Inggih Bu, ngendika Bu Tum, warung makan Padha Wareg, ngaten rak sampun priksa. Pareng Bu, nyuwun pamit.”

Sapungkure tamu sing ngirim tonjokan mau, Bu Pandaya isih nggagas gek bantuan apa, mengko gek kleru tenan. Ning nitik anggone langsung njujug omahe lan tangga-tanggane ora ana sing jenenge Pandaya, ya bener. Kiiriman iku nuli disinggahake ing lemari makan. Ora wani nguthakuthik yen sing lanang durung trka. Nalika putra-putrane teka sekolah, ya ora dituduhi.

Jam loro seprapat sing diantu-antu teka. Sing wadon langsung kan-dha, “Kae, entuk kiriman panggang ayam, durung dak kapak-kapakke.”

“Panggang ayam saka sapa?”

“Lha embuh jare Bu Tums aka Ngrabo ngono.”

“Bu Tum Ngrabo,” sing lanang sajak kaget.

“Lho, kok sajak kaget, mengko gek kleru tenan, ora nggo kene.”

“lha, sing ngeterke mau kandha piye?”

“Jare kkagem Bapak, marga saka bantuan njenengan, nggone dodol Bu Tum jare malih rame lan laris.”

“He, wah, gawat.”

“Gawat piye.”

“Mengko wae takcritani. Aja dipuruk dhisik, aku tak ngundang wong-wong.”

“Ngundang sapa? Piye ta jan-jane?”

“Pak Mashari, Pak Sabas karo Mas Imam Supari. Mengko rak ngerti larah-larahe.”

Pandaya ngetokake hp, banjur kirim sms. Hp aweh tengara kaping telu pratandha sing dikirimi SMS wong telu. Nuli ana kodhe mlebu. Sijine malah langsung telpun, nggenahake, “Ana apa, sajake kok penting banget,” pitakone Imam Supari lewat hp.

“Iya, pokoke wong telu takenteni saiki uga. Ana masalah berita sing ora bisa ditundha. Pak Mashari karo Pak Sabas sampeyan ampiri,” Pandaya nandhesake.

“Bu, karo ngenteni wong-wong siapna unjukan. Panggange deleh meja tengah kene wae, karo piringe pisan,” kandhane Pandaya marang sisihane, banjur cucul klambi dhines ganti nganggo kaos.

326

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010