Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/338

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SAWABE MBAH MARIDJAN
J.F.X. Hoery

“Kulanuwun” uluk salame nalika ana ngarep lawang. Durung ana jawaban. Dibaleni, karo notohok lawang. Keprungu swara sandhal tumuju lawang. Disawang saka ngarep ora katon, merga kaca teras kaca ribe. Kang uluk salam mundur nalika lawang arep dibukak saka njero.

“Punapa leres dalemipun Pak Pandaya?”

“Inggih leres”

“Bapak wonten ndalem, Bu?”

“Dereng kondur, mangke jam kalih. Wonten kersa punapa?”

“Dipun utus Ibu ngaturaken kintunan menika.”

“Menika menapa?”

“Sekul.”

“Sekul,?” Sing dikandhani semu kaget, kok ana wong nonjok, ki sapa, wong ora ana undhangan, lan bojone ya ora ngomong utawa pesen. Merga isih ragu-ragu, banjur takon, “Griyanipun pudi?”

“Ngraho.”

“Mangke gek mboten kangge mriki.”

“Leres kok, Bu.”

Lho, Bapake kagungan kersa menapa?”

“Mboten gadhah damel, naming anu, Ibu maturnuwun, amargi awit pambiyantunipun Pak Pandaya, warungipun rame lan laris.”

“Bantuan pripun, ta?”

“Duka nggih. Wong kula naming kapurih ngaturaken dhaharan menika.”

“Niki leres Bapak ingkang dipun kintun?” pitakone Bu Pandaya isih tidha-tidha karo utege kebak pitakon.

“Inggih, leres.”

“Mmangga, pinarak rumiyin.”

Baskom gedhe dibungkus taplak meja ditampani, banjur digawa memburi. Bareng bungkus dibukak, lan weruh iisine baskom, Bu Pardaya tambah kaget. Sega karo panggang ayam wutuh, tambah lalaban. Karo ngelih sega menyang wadhah liya, batine isih ngudarasa, “Aweh bantu- P

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

325