Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/335

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

njur mlengak. Sakala anggone nglamun jugar. Wanita sing tau raket bangeting uripe iku disawang kanthi kedhep tesmak.

“Bocah-bocah ..., kae lho.”

“He-em,” Darmadi suamur kanthi pangrasa luput. Njur dheweke gage menyat saka lungguhe.

Darmadi bali sendhen ing sofa ruwang tamu. Ndhisik dheweke karem banget lungguh ing kono, nganti pirang-pirang jam. Amrih suda ngeluning sirahe sing sedina muput dikuras urusan kantor. Awit, sanggane mau banjur mendha. Awit, Wuri ora tau gothang ngancani karo nyuguhi kopi karemane. Wuri ora tau sambat lan nggresula nalikane ngancani nganti lingsir wengi. Nganti Darmadi ngantuk.

Yen dientung-etung, akeh banget peranane Wuri ing uripe kuwi. Dheweke iku sawijining wanita sing jejeg lan tabah-tanggon. Bekti marang wong lanang. Nanging iku ndhisik kok njur ditinggal ngono wae marga ana wanita liya sing ngiseni batine Darmadi. Wanita sing rumangsane luwih pinter srawung, luwih modhis lan luwih samubarange.

Pancen nalikane pethuk Wuri, Wuri lagi kena PHK saka pabrik papane nyambut gawe. Darmadi dhewe nyambut gawe ing usaha sablon. Nalikane kekarone omah-omah pancen ekonomine banget nyenin-kemis. Saben bubar nampa gajian mesthi terus entek kanggo nutupi utangan. Nanging Wuri ora tau sambat. Apa maneh njaluk sing ora-ora. Wuri duwe akal nggawe jajan pastel utawa lumpia sing banjur diiderake menyang kampung-kampung.

Krenahe Wuri pancen mung sithik bisa ngowahi ekomonine kulawarga. Ewasemana kekarone wis rumangsa begja. Wuri wis bisa nuduhake bisa dadi sisihan sing tanggon lan bekti marang wong lanang.

“Gusti Allah ora bakal maringi pacoban ngluwihi kekuwatane kawula Ne,” ngono panglipure Wuri yen ngerih-erih sisihane. Sawijining dina juragane Darmadi lara nganti ora bisa ngemudeni manajemen perusahaane. Pirang-pirang sasi juragane kuwi ngamar ana rumah sakit. Sajake kahanan iku banjur dadi sumber mencoronge nasibe Darmadi. Nalika juragane mbukak kalodhangan kanggo ndanani administrasi perusahaane, Darmadi sing kebeneran tau melu sinau manajemen gage tandang maju. Nyatane, kabeh banjur owah. Darmadi kasil ndandani pembukuan lan administrasine perusahaan iku nganti panguripane Darmadi dhewe saanak-bojone uga banjur dadi apik.

Bareng papane nyambut gawe wis bali jejeg, Darmadi malah milih metu. Dheweke malah milih ngedegake usaha dhewe. Nyatane, pilihane ora luput, Darmadi bisa mbangun omah lan bisa tuku isen-isene omah sing larang-larang regane. Relasine uga saya akeh.

Nganti sawijining dina ketekan relasi wanita sing pinter banget ing babagan marketing. Merga kerep cecaturan, kekarone banjur raket, nganti

322

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010