Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/332

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Assalamu alaikum...”

“Wa alaikum salam...”

“Leres dalemipun Bu Dewi?”

“Inggih. Mangga pinarak...”

Aku nyawang sepedhah pancal sing diparkir ana pinggir dalan. Sapa wong lanang tuwa iki? Aja-aja uwong sing arep golek sumbangan?! Biasane yen golek sumbangan ben kasil sing dijokake iku wong tuwa-tuwa ngene iki. Wadhuh... pas bokek ora nduwe dhuwit, akeh becek, durung mbayar listrik, tilpun, athik anak njaluk kiriman. Tanggale wis tuwek pisan. Ah....

“Matur nuwun. Wonten mriki mawon. Mmenika lho…wonten titipan saking anak kula Ida Lamongan, kagem Bu Dewi.” Wong tuwa kuwi ngetokake amplop soklat saka njero klambi.

“O, Mbak Ida? Lha panjenengan punapa bapakipun?” Aku nyawang wong tuwa iku. Apa bener iki pak Imam? Bapake Mbak Ida kanca raketku anna SMP? Wis rong puluh tahun punjul ora kepethuk, dadi aku pangling. Biyen nalika isih sekolah sabaku ana daleme. Saiki…?! Kok aku bisa pangling?

“Leres, Bu...”

“Ya Allah, Bapak! Dalem Dewi, Pak. Ingkang sok dolan wonten dalem mrika rumiyin. Nyuwun pangapunten kesupen…” Aku enggal-enggal salim lan cium tangan.

Pak Iman katon seneng. semono uga aku… Sepurane Pak, tiwas dakkira wong golek sumbangan, mengkono unine atiku.

“Lha aku ya lali, slirane biyen lemu lan bunder...Saiki kok ninthing,” Pak Imam mesem.

“Mangga Pak, mangga lenggah...” aku manggakne Pak Imam.

“Wis, ana kene wae. Iki titipane Ida kanggo slirane…Wis ngono wae. Aku dak bali dhisik,” Pak Imam ngulungake amplop coklat. Sajak laying, sak suwene iki isaku mung SMS liwat HP. Sakwise rongpuluh taun pisah, riyaya tahun kepungkur kepethuk lan ijol-ijolan nomer hp. Mbak Ida saiki wis sukses dadi wong sugih. Bojone juragan mebel sing pasarane tekan ngendi-endi.

Sakwise Pak Imam kondur lan aku maturnuwun, lawang banjur dakkancing.

“Sapa lho Bu?” Kkang Parmin wis ana mburiku.

“Layang saka Mbak Ida, Kang,” semaurku karo lungguh ana kursi tamu. Aku kelingan riyaya kepungkur kepethuk Mbak Ida. Dheweke bengine banjur mampir menyang omahku. Dheweke takon, nyang apa awakku saiki kok kuru? Ya dakcritani yen aku kena penyakit komplikasi, yaiku diabetes, liver, jantung, kolesterol lan mag. Mulane aku diet ketat. Kabeh mau ndadekake awakku susut.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

319