Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/331

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kang Parmin banjur tumuju omahe Kang Gimun kanthi pangareparep dhuwite rong yuta sing disendhal Kang Gimun nalika bojone ngamar ing rumah sakit rong sasi kepungkur dibalekake. Nalika iku kang Gimun janji yen anake sing ana Hongkong kirim dhuwit, dhuwit sendhalan iku arep dibaalekake. Kang Parmin nalika iku ora mental amarga Yu Gimun kudu operasi usus buntu lan butuh ragad ndadak. Merga urusan nyawa yen isih kena ditututi ya yen isa ditututi. Mula, dhuwit jagan buku tabungan diwenehake Kang Gimun kanggo nututi nyawane Yu Gimun.

Tekan ngarep omahe kang Gimin, montore dijagrag. Sepi…plataran sing kebak tanduran tela iku sepi mamring. Lagi thinguk-tinguk, saka iringan omah Kang Gimun mak pecungul.

“Wadhuh, Kang Parmin…Arep marani dhuwit, ya? Wah, sepurane Kang, Linda durung kirim dhuwit. Dhek wingi daktelpun, jarene sasi ngarep. Wis ta Kang, dakbalekake tenan sasi ngarep,” kandhane kang Gimun. Kamangka bojoku durung guneman apa-apa.

Kang Parmin njur pamitan. Saka omahe Kang Gimun banjur bablas menyang omahe adhiku. Tekan omahe adhiku, Kang Parmin ora mental nagih. Lha durung-durung adhiku wis wadul. Rumangsane tekane Kang parmin mrono iku arep ngendhangi ponaakane. “Alhamdulillah, Kang. Aku mau arep mrono nyendhal dhuwit rong atus ewu wae. Dina iki Rinda kudu control...aku blas ora nyekel dhuwit lho, Kang. Tulung silihana dhisik, Kang...”

Dhasar Kang Parmin, nyawang ponakane sing kudu control sore iki, ora kakehan omong banjur ngetokake dhompet saka kanthonge, terus

“Mung satus lho Dhik...”, ngono kandhane.

“Ora apa-apa Kang, Maturnuwun.”

Kang Parmin banjur mulih. Tekan ngomah banjur nyritakake sakabehane. Aku mung mlongo. Lha saiki wae anakku butuh dhuwit. Kok...? Piye ta Kang...Kang. Awake dhewe saiki lagi butuh dhuwit...”

“Ya...tapi kan isih ana wektu kanggo golek sendhalan ta, Bu,” semaure Kang Parmin karo lungguh ana sandhingku.

“Rong dina, Kang… Kamangka Dia kudu budhal mmenyang Wonosobo. Durung becek manten cacahe telu. Pak Dullah olehe ndekek becek akeh lho, Kang. Bu Dullah wae gulane sepuluh kilo. Durung rokoke rong slop.... Dadi butuh dhuwit akeh....”

“Sesuk tak njajal nyendhal Pak Danang. Dakkira ana dhuwit. Dheweke rak sing ngurusi Koperasi Makmur?” Lai wae bar ngomong, dumadakan bel muni. ANA TAMU.

“Aku bae sing mbukak. Wis panjenengan ngunjuk kopi dhisik,” aku enggal menyang ngarep. Lawang dakbukak. Ana ngarepku ngadeg sawijining bapak sing wis sepuh banget. Rikmane wis putih kabeh. Slirane kuru, umur-umurane dakkira wis ana yen pitung puluhan taun punjul.

318

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010