Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/329

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

alam kalanggengan, embuh kapan. Aku nduweni panyuwun. muga-muga ana keajaiban sing bakal nggathukake aku karo Mas Heru.

Tak bayangake, rasane aneh. Soale wis padhadene tuwane. Saupama bisa gathuk tenan, aku seneng. Nanging uga sedhih. Sedhih merga jroning panguripan iki aku ora bisa urip sesandhingan karo dheweke. Seneng merga aku bisa crita akeh marang dheweke.

Angin bali tumiyup. Luwih banter tinimbang sing mau. Adhem gawe mengkorog.

“Angin, apa kowe nggawa pesen kanggo aku? Pesen saka dheweke?” Aku migatekake angin kang tumiyup. Sanajan wung liwat angin, aku bisa nangkep geter-geter iu. Nanging, apa sliramu isih kelingan marang aku, Mas Heru? Ah, mbokmenawa sliramu wis ora tau ngeling-eling aku. Aku uga ora ngerti. Nanging kenangan ing mangsa remaja biyen banget pengaji kanggoku. Sliramu ngerti Kangmas, kenangan iku tansah aweh kekuwatan marang aku saengga aku bisa tatag ngadhepi urip iki, Tresna pancen endah. Mengkono uga tresnaku marang sliramu.

Jaya Baya, No. 28, Minggu II, Maret 2007

316

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010