Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/328

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

krasa njendhel iki. Atiku dadi anget saben mbayangake sliramu. Aku tresna marang sliramu. Apa bener kaya mangkono? Mbakmanawa bener. Nanging rasane aneh. tetep nresnani priya mangsa kawuri, saunatara priya iku saiki wis duwe kulawarga kayadene aku.

Tresna ora kudu nyawiji. nanging liwat khayalan, malah krasa luwih endah. Luwih nikmat tinimbang ing kasunyatan. Alam fantasi mujdake alam sing sarwa bisa. Sawijining bab sing ora bisa karanggeh ing alam nyata, bisa maujud ing sajroning alam impen. Luwih asyiek!” swara kuwi keprungu adoh banget ing telenging atiku.

Aku merem. Nglaras lan nggagas swarane atiku sing ora tau goroh kuwi. Dakrasak-rasakake pancen ya bener kaya mangkono.

Ah, Mas Heru. Dina-dinaku keri-keri iki krasa dawa banget. Akeh crita sing bisa dakronce jroning lamunanku. Crita ngenani merpati kanthi sakabehing kaendahane. Merpati sing mabur dhuwur ing awing-awang. Merpati, merpati. Lambang tresna kang suci lan aku merpati kang kelangan swiwi.

Urip iki wis taklakoni kanthi maneka rasa. Pait, getir, asem, manis...pokoke komplit. Panguripan sing aneh. Meres pikiran jroning nglakoni. Iku mau critaku, Kangmas. critane wanita kesepen sing kangen marang dina-dinane kang wis mungkur. Dina kawuri sing wis liwat. Nanging apa salahe yen wis mangkono? kaendahan ing ngendi endi pancen ana. Nanging kaendahan mangsa remaja nduweni nilai dhewe. keasyikan dhewe sing bisa dirasakake dening sadhengah uwong. Mangsa remaja sing wis mungkur.

Aku ngadeg. Mbukak cendhela karo nginguk latar apa banyune wis asat apa durung. Jebul durrung. Nanging bocah-bocah sing mau dolanan sirat-siratan wis ora katon irunge lan ya wis ora keprungu swarane. Mbokmenawa wis padha bubar. Bosen utawa kadhemen.

Aku mesem sepa. Merga kadhemen, tumrap bocah cilik karo wong diwasa iku konotasine iku sok beda. Kaya saiki iki, temene aku uga kadhemen. Kadhemen njaba njero. Aku dadi kelingan maneh marang sliramu, Mas Heru. Biyen kita nate kejebak udan lan kepeksa ngeyup ing gazebo nganti udane terang. Kita lungguh empet-empetan lan tanganmu kala-kala gerilya ing anggaku. Ana rasa anget. Rasa nikmat sing tansah take ling-eling nganti tekan seprene. Rasane aku kepengin mbaleni lelakon kuwi, nanging apa mungkin?

Dumadakan angin tumiyup banter. Kordhen cendhela nganti sumeblak. Aku rada nggragap. Angin sing tumiyup iku kaya-kaya nuwuhake surasa kang aneh. Ujug-ujug wae aku diencoki rasa miris. Kaya-kaya aku kelangan kuwanen kanggo bgadhepi dina tembeku sing saya cedhak merga dipangan umur. Dina tembe sing bakal nggawa aku tumuju ing

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

315