Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/326

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
MERPATI SING KELANGAN SWIWI Ardini Pangastuti Bn

Sore sing klawu. Udan mentas wae mendha. Udan deres sing sing kliwat wates, banyu kaya disokake saka langit. Saiki isih ana sisa-sisane. Sanadyan ora nuwuhake banjir, nanging banyu ngecembong ing papanpapan kang ledhok. Plataranku sing mung saumprit uga ora luput saka kuwi. Kebak banyu! Bocah-bocah sing kesenengen. Akeh kang padha koceh, dolanan sirat-siratan lan oyak-oyakan ing banyu. Kala-kala diselingi swara ing guyune sing renyah. Ah, rasane aku kepengin bali dadi bocah maneh. bebas tanpa sanggan.

Aku mlebu omah lan lungguh tenguk-tenguk ing ruang tamu. Dak eling eling kapan sing paling pungkasan aku bisa ngguyu los kaya bocah-bocah kuwi. Ah, embuh aku wis ora kelingan. Soale sak plok Mas Heru ninggalake aku, rasane aku wis kelangan guyu. Sing salah pancen aku. Aku paling ora tahan karo sepi. Nalika Mas Heru lunga menyang Jakarta, ngadu nasib ing kana, aku kagodha karo mahasiswa sing kos ing cedhak omahku. Embuh sapa sing ngandhani, pungkasane Mas Heru ngerti yen aku kerep runtang-runtung karo dheweke.

“Hm...” aku unjal napas. Kenangan mangsa remaja bali jejogedan ing tlapukan mripatku. Aku mung bisa mesem perih.

Ah, Mas Heru. Aku kudu kandha apa marang sliramu? Akeh sing kepengin dakcritakake. Kanyatan urip sing dakliwati kebak dalan rumpil, sing mahanani aku kudu pinter-pinter nyiasati amrih urip tetep lumaku imbang, ora kelem jroning nakhodani panguripan sing absurd iki. Kena apa aku kandha nakhodani? Kamangka aku jejering wanita sing ora samesthine dadi wong nomor siji jroning ngemudheni urip iki.

Garise lelakon pancen kudu lumaku kaya mengkono. Pinangka konsekwensi saka kegagalanku jroning mbangun bebrayan. Senajan maune aku wong loro sing mutusake kanggo omah-omah. Bareng wis klakon jebul ora saendah kaya sing tak bayangake. Ora ana dina sing lowong tanpa padudon. Kahanan bale wisma tansah gonjang-ganjing. Pradondi

terus kaya asu lan kucing. Pungkasane bale somahku bubar. Anehe, aku bisa duwe anak nganti telu. kebutuhan biologis kadhang-kadhang ora

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

313