Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/321

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rasa sumelang sing ngemuli penggalihe, kaya musna bareng wis sapatemon karo Retna. Swasana ing omahe panggah katon bisa wae. Apa iku mung samudanane Retna wae? Ning sajake ora, awit sawise sapejagong sawatara suwene, Retna malah terus matur mengkene, “Pun kersane Pak, awit Mas Handy niku pancen mpun mboten kenging diemutaken. Rak sampun wonten tigang wulan mboten wangsul. Gadhah WIL randha enem, malah kula miring mpun dinikah siri. Kleresan anake randha niku rak sak SMA kalih Ratih. Mila lingseme Ratih teng sekolahan niku saestu tumpuk undhung.”

“Ya wis bejamu, duwe bojo wae kok kaya ngono. Genah urusan karo pengadilan iku mengko.”

“Kersane. Kula nggih gadhah asil piyambak, kok, kula nggih boten kecipratan asil korupsine niku. Prekawis ratih, kula mpun matur Pak Budiman, kepala sekolahe, ratih saged istirahat seminggu kangge nemtremake manahe sing nembe goncang niku.”

Dina Minggu jam sanga, Ratih karo adhine wis siyaga ing plataran LP, arep tilik bapakne sing wis ngringkuk seminggu ana LP nunggu siding pepriksan, jalaran asil papriksane rumet, mbulet akeh pejabat sing kesangkut. Nalika sapatemon iku, bapakne katon rada kuru lan pucet, sajak wis anjlok morile.

“Ratih, bapak njaluk maaf dene wis gawe susahe keluarga kabeh,” mung iku kang bisa diucapake Handy. Ratih ora semaur tumungkul nyawang adhine sing dipangku bapakne. Arep matyur, ya arep matur apa. kabeh saiki iki wis kebanjur.

Durung tutug anggone kangen-kangenan ketungka tekane wong wadon. Ratih ngerti yen iku wanita sing pinjunge nyrimpet bapakne. Ratih banjur pamit karo untun adhine. Ora ana tangis, ora ana eluh kang tumetes. lelakone menungsa [pancen werna-werna, bungah lan susah. Menungsa kaparingan kebasan kanggo milih dalan kanga rep ditempuh, sing padhang apa sing peteng, sing lurus apa nyimpang saka bebener. Manungsa dhewe kang akhire ngundhuh wohing panggawe. Yen Handy milih cara kang sasar, ibarat numpak prau kang ringkih. Kalane ketempuh ombak, gampang kerem, kang dayane nyempyok ngiwa nengen ora wurung uga nyempyok kulawargane.

Jaya Baya, No. 26, Minggu IV, Februari 2007

308

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010