Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/320

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

kanggo eyang lan bapakne, kanthi praupan kang panggah sumringah sajak ora ngadhepi apa-apa,Nalika arep memburi nglebokake nampan, Ratih dicegah eyange supaya lungguh sacedhake eyange. Eyange putrid ya nunggoni.

“Bapak dak kandha rungokna Rat, niyatku methuk kowe jalaran sesuk wis mlebu sekolah,” Handy mbukani kandha, “nanging iki mau Eyang wis ngendika werna-werna ngenani apa sing lagi kok adhepi. Baapak wis ngerti kabeh. Ning apa bener kowe arep mutung sekolahe?”

“Leres, Pak,” jawabe Ratih tegas, “jalaran kula isin sanget.”

“Nanging pikiren, sedhela maneh ujian. Sabara, lulus ujian nerusake kuliah rak wis ora kumpul kancamu maneh, bar perkarane.”

“Nanging nengga ngantos ujian, kula sampun boten kiyat, Pak. Isin.”

“Njur nek ora sekolah kowe arep ngapa, lan arep dadi bocah apa besuke. Apa ora kepengin kaya Masmu kae sing wis gelar sarjana?”

“Kula nrimah Pak, najan kados pundi kula boten badhe wangsul.”

Jane mono Handy nesu banget, ning merga wis dicegati welinge wong tuwane, nesune mung nyumpeli dhadhane nganti seseg. Dumadakan Hp-ne muni, Handy banjur omong-omongan karo kancane sing sak fraksi karo dheweke. “Ya, ning iki aku isih ana Magelang, kabeh berkas-berkase daktinggal nang kantor. Okey, ya mengko jam pitu.” Handy mungkasi omongane lewat Hp.

“Yen wis ngono tekadmu, suk aja nutuh Bapak. Ning dakjaluk wengi iki kowe mikir-mikir maneh. Sesuk dakjalukake ijin nyang sekolahan. Nuwun sewu, Pak,” tumuju marang maratuwane, “Kula kapelksa nyuwun pamit. Borong keng Wayah sagedipun lilih,” ujare semu kogel.

Let sedina, Koran kang metu dina iku ngemot bab korupsi sing ditindakake anggota DPRD sawijining kabupaten pengaji 24,9 milyar sajrone tahun 2003. Katulis paraga lima kang ditahan minangka terdakwa. Salah sijine Handy. Bubar maca, Ratih wis ora kaget maneh jalaran wis nggraita sadurunge. Dheweke rumangsa sukur dene wis ana Magelang, uwal saka wirang-isin ing sekolahan.

Koran diaturake eyange karo ngulungake kaca tingale sing gumlethak ing meja TV. Ratih lungguh ana sandhinge. “Iki jjeneng ngundhuh wohing panggawe,” ngendikane eyange sarampunge maca.

“Rahayunipun kulak ok sampun wonten mriki, nggih Yang.”

“Iya, Ndhuk, ning melas ibumu, ora wurung melu prihatin. Mula, sesuk tak mrana kanggo nggedhekake atine.”

Jam sewelas Pak Dwija niliki Retna, putrane sing guru SD, ibune Ratih. Kejaba ngertakake Handy, sing wigati ngrembug amrih Ratih bisa pindhah nang Magelang, murih bisa ujian akhir SMA. Sasuwene ana ing bis, Pak Dwija mung tansah ndedonga muga-muga Retna tatag ngadhepi pacoban iki.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

307