Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/318

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KESEMPYOK OMBAK D.A. Sus

Tekade Ratih wis gembleng, ora bisa diluluhake dening pangariharihe eyange kakung, emoh mulih. Ibune wis kirim SMS bola-bali ngelingake yen rong dina meneh wis wiwit mlebu sekolah supaya enggal mulih, wangsulane cekak, “Inggih.” Bubar ngrungokake siaran berita TV jam songo, Ratih enggal mapan turu nusul eyange putrid sing wis mapan dhisik. Pak Dwija, eyange sing pensiyunan PNS, lenggah ijen, niyate arep nonton hobine giyaran bal-balan Liga Italia sing wis sawetara menit kawiwitan. Parandene, pikirane ora tumuju nang layar TV, kebidhung niyate putune sing perlu dadi penggaliha.’

Diwolak-walik, dilimbang-limbang kanthi wening, akhire mbenerake niyate Ratih. Dhasare putune emoh mulih, merga isin. Yen wong bodho bisa dituturi, kepetengen diwenehi obor, wong wedi bisa dikancani, ning yen isin kepiye nggone nanggulangi? Panguneg-unege putune iku wis disuntak ora ana kang kecicir. Yen niyate emoh mulih ora pati dadi penggalihan, ning niyate mogok sekolah sing dheweke durung bisa nampa. Gragap, Pak Dwija kaget rungu surak saka TV jalaran nembe ana sing kebobolan gol! Disrantekake ora wurunga bapake Ratih mesthi nusul.

Temenan dina candhake watara jam loro awan, Handi, bapake Ratih, ya mantune teka numpak mobil kijang metalik. Niyate methuk ratih jalaran sesuk wis wiwit mlebu sekolah. Wektu iku Pak Dwija neng dalem ijen. Pancen wis ditata sadurunge Ratih lan eyange putrid kon lunga pawadan diutus. Jejere piyantun sepuh sing wis kebak pengalaman, arep nyapih swasana nggone ngrampungi perkarane putune, aja nganti nuwuhake dredah.

Alon wijiling pangandikan, rereh, ruruh, Pak Dwijjo mbabarake kandhutane atine Ratih kanthi tuntas. Handy sakecap durung nyauri, mung sedhela-sedhela unjal ambegan karo ora leren-leren anggone udud. “Ya ngono mau Han, tekade anakmu Ratih,” pak Dwija mungkasi pangandikane. “Wis ora kuwat nandhang isin ana sekolahan awit mung tansah dadi pocapane kanca-kancane. Rumangsane saben kancane rubung-rubung

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

305