Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/314

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KECENTHOK Mbah Putri

Pak Midin iku sawijining tukang kebon SD ing Semanding. Wonge jujur lan dhisiplin. Mula, ngarepake pensiyun nampa piagam saka pemerintah lan nganthongi dhuwit sayuta. Setengah enem esuk dheweke mesthi wis budhal, numpak sepedha onthele sing setya ngancani nlusuri dalan padhesan. Sawise resik-resik kelas, kabeh ditata rapi. Lawang-lawang cendhela dibukaki, plataran disaponi nganti resik. Plataran ngarep ditanduri kembang mancawarna ngresepake pandulu. Ing buri sekolahan ditanduri Lombok, tomat lan terong. Yen pinuju awoh katon banget ndhemenakake.

Bapak-bapak sarta ibu-ibu guru padha erring lan ngajeni Pak Midin. Semono uga para siswa padha ngalem merga Pak Midin pancen wong sabar. Kejaba nuking kebon, dheweke nyambi tani. Tegal sawahe patang kedhok tinggalane wong tuwane digarap kanthi tumemen. Mula, uripe tentrem ora nate kekurangan.

Omahe, kanggone omah padesan ya ora nguciwani. Pak Midin mung kari urip dhewekan. Sisihane wis ndisiki kepundhut nalika anake, Si Karsiyem, isih kelas lima SD. Saiki ana ngomah sing ngancani Karsiyem saanak-bojone sing uga dadi guru SD. Dene, anake mbarep lanang, Karsono, nyambutgawe ana Jakarta. Kena diarani wong gedhe, ketara saka glagate. Embuh pangkate apa, Pak Midin dhewe durung mangerti.

Nuju sawijining dina, naalika Karsono oleh tugas ninjo menyang Surabaya, disempatake mampir niliki wong tuwane. Budhale saka Jakarta numpak pesawat sajam wis tekan Surabaya. sarehne keperluwane wis rampung, dheweke niyat niliki bapake. Marcedhes kinclong-kimnclong wis ngambah laladan Semandhing. wayahe wis rada repet repet. Tangga teparo padha pating cranguk, lumrah wong padesan.

“Anake Mbah Midin teka...”, swarane pating craek.

Tangga ngarep omah sing luwih akrab ndisiki metu. Terus marani omah karo cluluk, “Wa...Wa...Wa Midin, niki lho yogane ndugi king Jakarta!”