Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/312

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ditulis ana papan triplek sing gedhii, terus dipaang ana pucuking dalan. Ora lali, Pak RT nggambar cumplung disilang balung. Anggone masang ppepeling iki disarujuki kabeh warga. Ora mung kanggo weden-weden, nanging kanggo ngelikake kabeh warga supaya luwih ngati-ati yen lewat gang kono. Sapa ngerti kena sial, sida dadi kurban.

Lagi seminggu dipasang ana pucuke gang, wis ana maneh kedadean sing ngeram-eramake. Mbah Marsudi sing yuswane wis luwih saka sewidak lima taun tewas bubar mlaku-mlaku lewat gang Pace. Sekawit aku wis jubriya, esuk-esuk Mbah Marsudi kok kadingaren melu jogging kaya aku. Kayane lagi sepisan iki Mbah Marsudi melu jalan-jalan pagi. Tekan gang Pace, aku menggok. Ora merga wedi ngliwati gang Pace, nanging aku golek dalan liya ben ketemu karo Umi sing lagi daksir. Aku malah sempat ngluruhi Mbah Marsudi sadurunge pernah kacilakan kuwi.

“Mbah, kok kadingaren keresa tindak-tindak?” pitakonku wektu kuwi.

“Iya Mas pengin golek hawa seger. Huk!...huk!..huk! wangsulane Mbah Marsudi karo watuk-watuk.

“Lha rak tenan. Panjeenengan mesthi cekoh, Mbah!”

“Ya...yaiki Mas, oleh-olehane nggonku seneng udut klembak menyan. Saiki kari mengkis-mengkis kaya ngene. Dhadha ampeg yen ambegan melar mingkus!!”

“Kondur nggih Mbah?”

“Ora Mas, manut nasehate dhokterku, aku kudu melu jalan-jalan pagi, yen perlu melu mlayu kaya sampeyan kuwi!”

“Nggih. Sae niku, Mbah. Kula tak ngrumiyini nggih, Mbah?” kandhaku njaluk idin.

“Iya, Mas. Huk!...huk!...huk!..”

Sidane Mbah Marsudi mlaku-mlaku ijen. Embuh apa daya tarike, Mbah Marsudi belok liwat gang Pace. Mbokmenawa wae pengin golek dalan sing sepi, seger hawane, tur ora kabeh kendharaan lewat gang kuwi. Lagi entuk separo gang, watuke kumat, dhadhane Mbah Marsudi saya seseg. Mbah Marsudi nekad mulih. Tekan ngomah, bojo lan anakanake isih padha turu angler. Dhasare dina Ahad mula turune padha ngepluk. Mbah Marsudi sing wis duwe lara napas kuwi arep mlebu kamar. Karepe arep nggoleki obat asma semprot sing ketinggalan ana ing kamare. Nanging, durung klakon nemokake semprotan ashma kuwi, Mbah Marsudi wis tiba njrebabah ana ngarep lawang. Esuke keluawargane Mbah Marsudi padha kekitrang kelangan wong tuwa sing ditresnani.

Mbah Marsudi kecathet dadi kurban gang Pae sing angka telu. Wongwong tambah yakin yen gang Pace nyata gawat keliwat-liwat. Yen manut pocapane dhalang mono, “Janma mara janma mati, sato mara prapteng lampus.” Gang Pace pas yen diarani gang maut awit kurbane wis kecathet ana wong telu. Panemu kuwi dipercaya banaget dening para warga. Ana

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

299