Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/311

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

isih sekolah, bujangan, dewasa, setengah tuwa, nganti tuwa thuyuk-thuyuk kabeh luwes mati. Dadi yen Pak Masduki yuswa skeet lima taun mati ya luwes-luwes wae.

Critane wektu kuwi Pak Masduki bubar lek-lekan jagong bayen ana omahe Pak Muharun. Kesenengane Pak Masduki mono main kertu cina. Saking senenge main kertu nganti diparabi Pak Masduki Bedor. Kok dijenengi Pak masduki bedor iku piye critane? Jare Pak masduki kuwi karemane munggah gunung, ngoyak-oyak kucing, pengin dadi ratu malah kebedor. Kabeh kuwi amarga kekaremane anggone seneng main kertu. Bubar main kertu meh ngebyar, Pak Masduki lewat gang Pace wong omahe pancen kudu ngliwati gang kuwi. tekan gang kuwi ndilalah Pak Masduki tiba. Mung jalaran tiba kuwi, Pak Masduki semaput. Bareng ditulungi wong malah mati separo.

Kulawargane Pak Masduki nyarawidekake perkara kuwi ana panggonane “wong tuwa”. Ndilalah sing digoleki dudu wong tuwa sembarangan. Yen wong tuwa sembarangan, bapakku kae ya wis tuwa. Ning ora kanggo. Sing disowani Bu Masduki sakeluwargane kuwi Mbah Samin gun, dhukun kondhang wetan desa. Manut pangandikane Mbah samingun, Pak Masduki kuwi kesambet dhemit sing manggon ana gang Pace kono. Becike, kulawargane slametan ana gang kono. Temenan dileksanani. Wengi candhake diadani kenduri ana gang pace. Ning garise ora isa diendhani. Seminggu sawise mati separo kuwi, Pak Masduki murud ing kasidan jati. marak ing ngarsane Pangeran. Kabeh mung bisa kandha cuwa lan gela.

Seminggu sawise kedadean kuwi ana maneh kedadean kang gawe cingake warga ing kampong kono. Bu Rohanah kang yuswane seket telu uga ngalami kacilakan kang meh padha karo Pak Masduki. Bedane, Bu rohanah wektu kuwi tiba saka sepedhah motor nalika diboncengake anake wadon, sunarsih. Tibane kok ya ngepasi ana gang Pace kono. Wektu kuwi wancine wis sore, Sunarsih mboncengake Ibu Rohanah arep blanja menyang toko kidul desa. Langite rada mendhung, Sunarsih kesusu selak kodanan mula sepedhah motore diobanterake. Ndilalah ana watu ana tengah dalan Mbokmenawa wae ana bocah dolanan ana kono mau awan. Karana kesusu kuwi, motore Sunaresih nabrak watu, nggronjal, sanalika Bu Rohanah kontal tiba mlumah. Mung karana tiba kuwi, Bu Rohanah opname ana rumah sakit sepupuh dina. Usahane kulawarga lan dhokter ora kurang-kurang, nanging Gusti Allah kagungan kersa sing beda. Ngepasi dina kasepuluh ana rumah sakit, Bu Rohanah puput yuswa.

Wiwit iku wong-wong wiwit jubriya ngenani gang Pace sing dianggep angker. Keladuke kandha gang pace mau diarani gang maut. Ngawekani bab iku, Pak Ketua RT wis pasang pepeling ana pucuking gang, “Awas hati-hati gang maut sering membawa bencana!” Pepeling kuwi

298

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010