Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/310

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
GANG PACE MAUT Anonim

Dalan ing kidul kampungku kuwi dijenengi dalan Pace. Ora merga akeh wite pace, nanging mung kanggo tetenger wae. Perlu kawuniungan yen dalan-dalan ing kampungku pancen dijejengi nganggo jenenge whowohan. Ana dalan jambu, salak, pete, manggis lan sapiturute. Dalan sing dakcritakake iki kabeneran diwenehi jeneng dalan Pace.

Kanggoku, dalan Pace iku pantese disebut gang. Ora pas yen disebut dalan amarga sepi tur ciut. Wong-wong ing kampungku padha nyebut gang kuwi katelah gang “maut”. Saka ngendi mula bukane, aku dhewe ora ngerti. Mung manut cathethane warga pancen wus akeh pawongan kang nemahi tewas jalaran ngliwati gang iki. Saora-orane wis ana wong telu: Pak Masduki, Bu Rohanah, lan Mbah Marsudi kakung. Kaya adate gugon tuhon kaya ngono kuwi sumebar kaya virus flu burung. Tanpa ngerti asal-usule, ngerti-ngerti wis sumebar warata sakampung. Nggumunku kabeh wong kok ya percaya yen gang Pace kuwi nyebabake tiwase pawongan telu. Kamagka, sing jeneng pati mono rak ana astane Gusti kang Maha Gesang. Apa ora kebangeten yen nganti nyalahke gang pace. Dakwenehi tetimbangan kaya ngono kuwi kabeh padha menjeb. Kang Giman malah wangsulan sengol, “Kowe kuwi bocah wingi sore ngerimu apa ta Le?! Ya benenr pati urip iku wis tinakdir. Ning sing jeneng ngatiati kuwi rak luwih utama?! Sapa ngerti apes paranmu!”

Krungu wangsulane Kang Giman kuwi, aku rada mangkel. Diajak nggunakake nalar kok ora gelem. Rumangsaku kok wis bener dhewe. Ning kepriye maneh, jejere wong enom iku trima ngalah. Jare kandha wani ngalah bakal luhur wekasane. “Ya taktrimak-trimakne wangsulanmu, Kang. Ning coba ayo dibuktekne apa bener gang pace kuwi gang maut temenan apa amarga sebab liya?” jawabku takbatin.

Kapeksa daktiliki maneh kedadeyan-kedadeyan sing wis kawurigegayutan karo sedane Pak Masduki, Bu Rohanah, lan Mbah Marsudi Kakung. Sing sepisan, yaiku Pak Masduki. Nalika seda, yusmane lagi skeet taun. Ning, kanggoku, bab umur kuwi ora kena dienggo pathokan. Sing jeneng mati kuwi luwesa. Bayi lagi lair, bocah umur setaun, bocah

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

297