Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/308

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Apa aku melu pindhah pisan ya, Pak? Aku kok ketoke abot pisah karo Bapak,” pangudarasaku sawijining wengi, nalika anakku loro wis padha turu. “Pancen kudune ya ngono, Bu. Nanging nek ibu lan cah-cah melu pindhah, urusane bakal sansaya ruwet. Sing paling repot rak masalah aturan kepegawaian. Upama saiki Ibu isa pindhah nyang Sekayu, njur embuh pirang taun engkas aku pindhah maneh, apa ibu isih bisa ngetutake pindhah? Saya suwe pangkatmu bakal sangsaya dhuwur lan nadyan ibu wis trima nonjob angger isa pindhah, kuwi uga dudu barang kang gampang. Salawase aku bakal pindhah-pindhah terus. Malah mbokmenawa suk nek wis entuk jabatan pindhahku luwih cepet maneh, rong taun pisan isa wae pindhah. Ibu mesthi bakal keponthal-ponthal ngetutke,” kandhane bojoku.

“Dadi terus kepriye, Pak?” Eluhku wis dleweran maneh mbayangake aku bakal ditinggal bojoku, nunggoni cah-cah ijen neng ngomah anyar sing lagi dakenggoni setaun kepungkur.

“Ibu sing sabar ya. Awake dhewe pancen kudu pisah sauntara wektu. Iki kabeh pancen wis dadi garising urip sing kudu dilakoni klawan ikhlas, nadyan abot kaya ngapa. Awake dhewe wis diparingi wektu telung taun bisa kumpul, paling ora bapak wis marem bisa nunggoni cah-cah wiwit isih cilik-cilik nganti saiki wis sekolah kabeh...”

Dina-dinaku rasane malih peteng ngenteni budhale bojoku, rasane sing ana mung sedhih lan kudu nangis wae. Nanging enggal-enggal dakpupus. Bojoku kari pirang dina engkas neng ngomah, mosok arep daksuguhi ulat peteng lan tangisan terus? Mula kesempatan sing ana dakenggo seneng-seneng karo cah-cah lan bojoku. Dolan-dolan nyang mal, nyang alun-alun njur mulihe tuku martabak, utawa ngejak cah-cah renang. Neng omah uga tansah rame, kruntelan neng kamar lan bocahbocah tansah seneng nsdysn jroning batinku sedhih merga sedhela engkas bojoku bakal lunga adoh.

Ewasemono ora bisa diselaki, bocah-bocah panggah kaya yen bapake arep tindak suwe. Apa maneh Lia, anakku ragil, sing sasuwene iki cedhak banget karo bapake malih nakal lan aleman, ngluwihi adate.

“Ibu suk sing sabar nek momong cah-cah lho, ya, apamaneh Lia. Sajake dheweke kok abot banget pisah karo bapak,” welinge bojoku sedina sadurunge budhal.. “Bapak sakjane ora mental ninggal, mesakake Ibu nek mbesuk Lia rewel panggah nggoleki bapak terus...”

Sasuwene iki aku pancen ora pati tlaten momong Lia, amarga dheweke beda karo kangmase sing tansah manut lan anteng, Nadyan cah wadon ning ora gelem meneng lan aleman, tur sembarang karepe njaluk dituruti.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

295