Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/307

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sing bakal pindhah-pindhah panggonan, ora kaya pegawe pemda sing panggah, manggrok salawase.

Banjur bojoku genti mbaleni sms-e Ndaru karo takon, “Aku pindhah nyang ngendi?” Ndaru genti mangsuli, “Jeenengmu jik dakgoleki, kok durung ketemu.”

“Jenengku ketlisut, beke, Buk,” kandhane bojoku nyoba guyon. bareng ngerti rupaku sing malih kaya kesaput mendhung.

“Ah, bapak ki ngawur. Apa ya isa ana pegawe siji kok kliwatan?” wangsulanku.

“Isa wae ta Buk, wong telung taun kepungkur kae aku rak ngejokake permohonan pindhah saka Surabaya nyang madiyun. Mbokmenawa kuwi sing dianggep SK terakhir, ddi dikira durung wayahe pindhah.”

Dakajab sakjane uga mengkono. Muga-muga jenenge bojoku ketlisut embuh nang ngendi, dadine ora sida katut mutasi periode iki. Wong mundhak jik dadi staf wae kok ndadak pindhah nyang endi maneh. Upama pindhaha suk wae yen wis duwe jabatan.

Nanging jebul ora. Sms sing saka Ndaru kuwi mau jebul wis mbusak angen-angenku. Bojoku sida pindhah tenan nyang KPPN Sekayu. Gek kutha ing sisih ngendi ya kuwi?”

Let sedhela Ndaru mbalesi sms, “Sekayu kuwi masuk wilayah Kanwil Sumatra Selatan, jarene kancaku kira-kira rong jam saka Palembang.”

“O, Palembang kono. Gak pati adoh kok Buk,” kandhane bojoku karo ngelus-elus pundhakku, nyoba nemtremake atiku.

Aku ora mangsuli. Batinku ngudarasa, ora patia adoh ritek, nek wis jenenge luar Jawa iki panggah krasa adoh. Apa bedane Palembang karo Aceh utawa Irian? Padha adohe. Lan kuwi ateges kanggo sauntara wektu aku kudu pisah panggonan maneh karo bojoku.

“Njur aku lan cah-cah kepriye Pak? pitakonku klawan swara gemeter. Genti bojoku sing ora mangsuli, awakku dikekep kenceng.

Pancen abot nglakoni urip pisah panggonan karo bojo. Kuwi biyen wis tau dakrasakake sasuwene telung tahun nalika bojoku saka Palu pindhah nyang Surabaya, dene aku pindhah nyang Mediyun merga ora bisa pindhah nyang Surabaya. Sasuwene telung tahun iku aku manggon neng omah kontrakan, wiwit bayine Ardi, anakku mbarep, nganti adhine lair tekan umur setaun. Bojoku ijen neng Surabaya, kos cedhak kantore ing Jalan Indrapura, saben dina Jumat sore mulih nyang Madiyun.

Iya, biyen ngono Surabaya-Madiyun isih kena ditempuh numpak bis mung patang jam. Saben Minggu isih bisa ketemu lan kumpul kulawarga, ora ketang mung rong dina, telung dina. Bareng saiki bojoku pindhah maneh nyang Sekayu ? Apa bisa sesasi, rong sasi pisan ketemu. Kamangka bocah-bocah wis kadhung kelet karo bapake merga wis telung taun iki kumpul. Anakku ragil, Lia, yen turu mesti nyuwun dikeloni bapake. Maem uga karo baapake.

294

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010