Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/305

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Iya,” saute Pak Lik munggel tembungku. “Bu Likmu lan adhi-adhimu uga tiwas, kari aku ijen. Mula kuwatna atimu, gemblengna tekadmu, kanthi rasa sabar lan tawakal, sateruse gumregaha ngleksanani welinge bapakmu.”

“Bapak meling napa Lik?”

“Sadurung ninggal, bapakmu isih bisa titip weling marang aku, mangkene. ‘Lik, mbesuk yen Bakri wis mulih, dhawuhana supaya ndandani omahe, nggarap sawahe, lan neruske bakulan kiose ibune, ing pasar kae. Nadyan kapeksa ora tutug kuliahe, kabeh welingku mau yen ditindakake kanthi temen, insya Allah bakal bisa dadi cagaking panguripan nganti salawase’. Ngger, iku ucape bapakmu kang pungkasan sadurunge seda. Yen kokleksanani kanthi tumemen, insya Allah bakal maujud lan dadi kasunyatan.”

Eluhku mbrebel maneh, kelingan blegere bapak yen pinuju nuturi aku. Kaya ora dakjarag tanganku loro pisan nebak kubure bapak, kayakaya aku lagi gondhelan sikile bapak kang lagi lungguh ing ngarepku. Kawetu ucapku kang mrentul saka telenging batin.

“Bapak, nyuwun pangapunten Pak, kula damel kuciwa ing pungkasan yuswanipun Bapak. Kula janji Pak, badhe sumingkir debih saking sedaya tumindak maksiyat lan badhe ngleksanani sedaya welingipun Bapak. Mugi Bapak tentrem lan mulya ing alam akhir sesarengan Ibu lan adhik-adhik.”

Tanganku nggegem lemah kuburane bapak kang isih mawur, dakremet ing dhadhaku karo ngucap, “Bumi sing nyangga sikilku, langit sing mayoni sirahku, lan kabeh makhluk sing ana kono, padha seksenana, aku arep nyambung sejarahe wong tuwaku sing kebak kautaman.”

Jaya Baya, No. 11, Minggu II, November 2006

292

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010