Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/301

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Sajakipun Ibu kok serius saestu.”

“Iya …, atiku kadereng kepengin ngerti temenan,” wangsulanku. Jam iku sidane sida diudhunake. Lan bareng dak iling-ilingi, dak deleng mburine …. Ora lidhok, mburi sisih kiwa ngisor, ana tulisane tanggal lan asmane bapak swargi, nadyan wis kari lamat-lamat, wis meh ora katon.

“Jogorogo, 12 Desember 1935, Soma Atmaja” ngono unine, nganggo tulisan Jawa, cilik-cilik ngrawit.

Sakala awakku rasane mrinding. Sawise atiku sareh, aku banjur crita nglawer ngandharake asal-usule jam tembok antik kuwi.

Alhamdulillah, jam iki kok ya tiba nyang anakku dhewe.

Jaya Baya, No. 12, Minggu III, November 2006

288

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010