Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/300

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ora ngerti. Aku dhewe saiki wis umur pitung puluh sanga. Omah gebyog ngarep Sinderan modhel kuna kuwi, wis katon regeng.

Aku terus mudhun. Adhik-adhik wis padha teka. Ing pawon wis umyek wong-wong sing padha masak kanggo persiapan slametan. Tekaku disambut gembira, tutug olehe padha kangen-kangenan. Esuke tak perlokake mlaku-mlaku golek hawa seger, ngidul nganti tekan Kali Ngandong. Jam sepuluh esuk, sawise padha nyekar, musyawarah diwiwiti.

Putusane rembug, ing rehning sak sedulur wis padha duwe omah dhewe-dhewe, omah tuwa iki mupakat didol wae. Aku ya mung manutmanut wae. Dene bab barang-barang, sapa sing kersa ngersakake kena nggawa, mengko sisane bakal dilelang.

Sedulur akeh, dadi ya rena-rena. Ana sing terus nggawa keris, album foto, agemane swargi bapak-ibu. Ana sing seneng nggawa bala-pecah. Aku dhewe nggawa wadhah ganten sak paidone saka kuningan. Jam tembok kuwi isih cemanthel ana panggonane sekawit, embuh wis pirang mbegedad taun umure. Ora owah saka enggon. Nanging aku dhewe nalika semana ora duwe minat arep nggawa jam tembok kuwi. Awit kejaba nggawane rekasa, ing omah Tuban wis ana loro, kathik sing siji weton Perancis, oleh-olehe anakku nalika tugas mrana.

“Bu …, Ibu kok ngalamun. Sajak ana sing dipenggalih?” tembunge anakku gawe kaget.

“Mesthi Ibu menggalihomah Tuban. Selak kesusu kondur. Boten kraos ta, Bu?”

“Krasan …,” wangsulane kalem. Aku ambegan dawa. Pikiranku isih durung temata.

“Lha, wonten menapa?”

“Anu …, awakmu iki kok seneng barang-barang antik. Tak delengdeleng bekakasmu kabeh sarwa antik. Jam tembok kuwi olehmu tuku neng ngendi?” pitakonku kepengin ngerti.

“Nggih dahteng Jakarta, ngiki kemawon. Pancen khusus sadeyan barang-barang antic.”

“Emmm ...,” aku meneng. Pikiranku saya kadereng kepengin ngerti.

“Pira kuwi olehmu tuku?”

“Mirah kok, Bu. Tigang yuta,” wangsulane.

“Telung yuta …?!” pitakonku tak ambali aneh semu kaget. Anakku manthuk.

“Nembe setaun kok, Bu, anggen kula tumbas.”

“Merek Johan ya, kuwi?”

“Lho, Ibu kok pirsa?”

“Ngerti …. Merek Johan pancen apik. Jajal jame iki udhukna. Aku kok kepengin ngerti.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

287