Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dina esuke sakwise check out saka Hotel Sri Manganti Yogyakarta, karo sisan mulih neng Bandung, aku sengaja merlokake menggok menyang Magelang, perlu nyekar pasareane Simbah Putri ing makam Potrobangsan, terus menggok ngidul maneh liwat Purworejo, nyekar ing pasareane Simbah Kakung, Lik Jaeni lan Bulik Jasmi neng Doplang, lan kang pungkasan neng pasareane Ibu lan Bapak ing Grantung.

Muga-muga wae arwah-arwahe suwargi ditampa Iman-Islame lan diapura dosa-dosane dening Allah. Amin ya Rabbal Alamin.

Jaya Baya, No. 22, Th. LIV, 30 Januari 2000












Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

17