Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/299

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

aku ya ora pati nglegewa, ning bareng tak setitekake, atiku kaya ana sing ngosikake ….

Aku banjur kelingan jaman kurang luwih pitung puluh taun kapungkur. Nanging ya wis cat eling, cat ora saking lawase. Nalika semana aku lagi umur sangang taun, yen ora kleru iku taun 1935.

Nalika iku ing sawijining dina, aku ndherek bapak neng daleme Haji Abbas saperlu ndeleng lelang. Haji Abbas iku sugih-sugihe wong sadesakono. Sarehne wis tuwa arep diboyong anake menyang Surabaya, mula barang-barange arep dilelang.

Kebeneran wektu iku bapak kok mentas oleh rapelan, mula banjur arep mundhut apa mengko sing dikersakake. Sidane bapak mundhut jam tembok. Modhel prapatan merek Johan.

Jam iku elingku wis rega pitung rupiah. Jaman Landa biyen Goldhen. Banjur dipasang ana tembok ruwang makan. Aku ya wis ora maelu maneh —wong jenenge bocah—sekolah wae ya terus ana ing liya kutha.

Apamaneh dhek taun 1942 aku ya wis terus diomah-omahake lan terus kaboyong menyang Tuban mengikuti suami. Nganti seprene wis 64 tahun olehku ngoyot, nganti putu-putuku gemrayah akeh. Mung kadhang kala—ora mesthi limang taun sepisan—aku tilik ngomah. Terus bareng wong tuwaku sakarone wis padha kapundhut, tambah blas, aku terus wis ra tau ngambah tanah kalairanku maneh. Omah saisine dipercayakake marang uwong sing kena dipercaya, merga putraputra padha adoh kabeh.

Taun 1995, mbeneri mengeti sewu dina sedane swargi Bapak, aku entuk telpun saka adhiku sing ana Semarang, njaluk supaya dina Sabtu aku menyang Jagorogo. Kejaba slametane dadi siji ana kana, ya arep nganakake rapat keluwarga, sebab ana rembug sing wigati. Lan adhik-adhik liyane uga wis padha dikabari kabeh.

Rong dina sadurunge gawe, aku sida budhal ngajak putuku sing kebeneran prei ora kuliah. Budhalku saka Tuban isih rada esuk. Metu Cepu, tak angkah aja nganti sore-sore tekane Jogorogo. Jam rolas persis tekan Ngawi. Bis Gunung Mas jurusan Ngawi—Ngambe wis siap. Aku wong loro terus munggah. Ora nganti sepuluh menit langsung berangkat. Senajan lakune bis kaya disawatake, ning rasane kaya mung nggremet. Dayane ati selak kepengin kepethuk karo sedulur-sedulur sing wis lawas ora ketemu sarta baya apa sing bakal dirembug mengko.

Ana ing desa Nggenthong leren rada suwe, ngedhunake bakul-bakul saka Paron. Soca, Tunjungsari wis keliwatan, bis bablas ngulon.

Kegawa saka kemajuane jaman, kahanane wis salin kabeh. Embuh wis pirang taun aku ora ngambah desa iki. Omahe Krama Sate sing maune

gedheg saiki wis kaya loji. Jarene omahe Sarminah, kanca dolan, saiki ya wis dadi gedhong magrong-magrong. Embuh sepira tuwane saiki, aku

286

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010