Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/298

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
JAM TEMBOK
Mbah Putri


Wis dadi kebiasaan saben pendhak lebaran, bocah-bocah mesthi padha merlokake teka, saperlu ngabekti marang wong tuwa. Endi sing sakaJakarta, Cirebon, Malang, Bandung. Sing jenenge Ibu, senajan repot lan kesel, nanging ati iki seneng, marem lan mongkog. Bisa kepethukanak, matu lan putu-putu sing lucu-lucu.

Ora mesthi setahun sepisan ketemu. Riyaya sing kepungkur uga padha merlokake teka. Wah ramene, bocah akeh, kapeksa yen bobuksebagiyan tak gelarke karpet. Saperangan maneh ana sing nginep hotel.

“Mangga Bu, tindak Jakarta, benjang konduripun dalem dherekaken,” tembunge anakku sing nomer papa ing sawijining sore.

“Ah …, ora, Le. Wong wiwit bapakmu kapundhut kae, aku ki rasane aras-arasen yen arep lunga-lunga.”

“Kersanipun pirsa rumah tangganipun putra-putra. Sampun dangu sanget Ibu mboten pirsa Jakarta. Wiwit lamaranipun adhik Ragil, ngantos anakipun samenika sampun wonten SD kelas kalih. Rak sampun meh sedasa taun!”

“Saiki aku wis tuwa, Le. Mengko malah gawe repotmu. Ngeterna rana, ngeterne rene. Merga yen wis tekan Jakarta kana iku, rak ya kudu niliki sedulur-sedulur, kabeh diratani,” wangsulane semu ngotot.

“Sampun yuswa pinten ta Bu, panjenengan samenika?”

“Suk Desember ngarep iku wis pitung puluh sanga taun. Wong lairku iku tahun 1927.”

“Nanging Ibu taksih klebet awet timur. Nyatanipun taksih ketingal trengginas ngaten kok. Kula kepengin sanget Ibu rawuh Jakarta. Sampun kuwatos, mangke dalem awat-awati,” wangsulane anakku ora kalah ngotot.

Ngiras nglegani panjaluke anak, aku sida nuruti nglencer tekan Jakarta. Dina-dina ana Jakarta, kesibukanku kejaba gojek karoanak putu, uga tak perlokake silaturrahmi menyang sedulur-sedulur. Kabeh tak ratani.

Bubar mangan awan, nalika aku arep sholat Dzuhur, milang-miling nggoleki pernahe jam tembok sing cumanthel ana ruwang makan. Maune

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

285