Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/291

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Kosong?” pitakone.

“Arep dienggo?” Manggar ganti takon. Janur manthuk.

Sawise mapan lungguh lan mikir sedhela dheweke banjur wiwit ketak-ketik. Mbarengi Manggar bali, anggone ngetik rampung. Sawise ditliti sepisan maneh lan ora ana salah ketik, banjur ngadeg, lan sumingkir.

“Tulung di-print-ke,” panjaluke.

Manggar manthuk saguh. Sepisan maneh layang diwaca. Wusanane banjur tumuju kamar kerjane Sekar.

“Titip!” aloke karo ngulungake layang.

“Apa amenh?!” Sekar miterang. Janur mung ngangkat Pundhak. Sawise melu maca layang, Sekar mencereng nyawang Janur.

“Wis dipikir?”

“Sikil lan tanganku wis disrimpung. Sesuk utawa suk emben guluku sing digorok,” Janur mangsuli mandhes.

Sekar mesem kecut lan kelingan marang jenenge Janur sing dicorek spidhol ireng. Sekar melu cuwa lan gela. Uga bisa ngrasakake kaya ngapa wirange. Sekar kober nyipati sawise weruh yen jenenge dicorek, raine dadakan suntrut lan pucet. Lambene umak-umik kaya ana sing arep diucapake. Sejatine Sekar wis bisa nggrayangi yen Kepala Kantor ora seneng marang Janur, wiwit sawise limang wulan njabat. Nanging Sekar ora kuwawa tumindak apa-apa.

“Nanging sadurunge ana surat keputusan kudu ngantor lho. Aja mbalela!” Sekar meling. Janur mesem semu mencep banjur pamit mulih. Kamangka isih setengah sepuluh.

Lakune mung sakepnake wae, ngiras karo nguja sesawangan. Pambengoke sopir angkutan kota apadene tukang becak sing tawa-tawa mung diwangsuli sarana ngobah-obahake tangan tengene. Saya adoh jangkahe saya kepenak. Ambegane tumata entheng. Raine sumringah mbaka sethithik. Sedhela-sedhela ngumbar esem. Janur rumangsa uwal saka sakabehing panandhang. Uwal saka panyawang-panyawang sing ngemu panutuh. Janur ngreti apa kang bakal dumadi lan Janur arep ngadhepi sakabehing kadadeyan kanthi dhadhag. Janur njaluk leren sadurunge dilereni. Kuwi luwih becik lan luwih aji.

Pancen yen wis omah-omah—malah wis duwe momongan—mangka ora cekel gawe, kuwi ora kepenak. Tansah dadi rerasaning tangga. Bisa mangan saben dina, duwe panganggo sing rada pantes, ngono wae wis disujanani. Yen ana tangga sing kelangan, banjur dadi punjering lirikan. Kosok baline yen urip kesrakat iya diece. Urip prasasat tanpa aji. Nanging cekel gawe yen tansah digawe lara ati, lan kesiksa batine, dicecamah, iya saya ora kepenak maneh. Karodene sing diarani nyambut gawe kuwi ora kudu budhal esuk, mulih sore. Ora kudu menyang kantor apadene menyang pabrik.

278

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010