wit kenari kilometer 1. Jebule kok isih jam 5 sore. Mulane isih padhang. Akeh wong kampung kono lan bocah-bocah sing padha ndelok saka kadohan. Untung wae wis ora ana sing kenal. Jalaran aku wis dadi bocah kampung kono lan umure wis tambah 56 taun. Wis dadi kakek-kakek….
Nalika tekan ngisor wit kenari, ana sawetara bocah sing melu ngetutake. Ning padha mandheg lan ngawasi saka kadohan. Sajake padha mikir, are papa maneh kere tuwa iku. Kok nyalawadi.
Aku lungguh slonjoran. Pikiranku kang isih terbius, nyoba nlusuri lan nggathuk-nggathukake kasengsaran siji lan sijine. Ajen kesengsaran kang wis kapisahake karo dawaning wektu.
Geneya aku kok nganti keraya-raya mengkono? Direwangi ora idhep isin nganggo klambi kaya wong ngemis? Dikira arep njejaluk karo wong sing duwe warung? Dikinthil bocah-bocah sing mbok menawa nyangka aku wong gemblung lan wong tuwa sing wis ora ganep pikire?
Embuh, aku dhewe ora ngerti. Sakbenere aku nganggo penganggo sing kaya wong ngemis mau ora duwe karep apa-apa. Sebab ya panganggo sing kaya ngono iki sing dakenggo rikala dek jaman semana. Dhek rikala seket nem taun kepungkur. Rikala jaman Jepang sing wis nguras lan mblejeti ajine dhiri ajine bangsa Indonesia nganti pating sranthil. Ora luwih lan ora kurang.
Nanging, embuh kepiye, sakwise aku klakon ngleksanani napak tilas mau, ing atiku duwe rasa marem, dhadhaku dadi kebak mencep. Ing ati iki kebak rasa kang mongkok, nganti luber dleweran.
Aku rumangsa wis nglakoni barang lair sing tak anggep duwe aji kang gedhe. Aji ngleluri, aji pangeling-eling karo wong-wong sing wis tau cedhak karo dalaning uripku, cedhak karo batinku, lan wong-wong mau kabeh arupa figur-figur kang banget daktresnani. Embuh, ben na kaya ngapa kelakuane lan adate sing apik lan sing ala dhek rikala semana. Ning kabeh mau duwekku. Kabeh mau aku rumangsa handarbeni lan perlu angrungkebi.
Alam pikiranku kang lagi nganglang kaya abure manuk branjangan, lan adoh ngulandara, dumadakan: pyyyaaar, ilang lan cunthel.
Sebab kasaru gumerite rem mobil Mazda Capella abang kang mandheg ngeget cedhak lungguhku. O…, jebule anakku wis teka mapag. Aku age-age mlebu neng mobil lan brusat-brusut ganti kathok lan klambiku.
Nalika mobil ngliwati bocah-bocah sing padha ngetutake mau, padha ndomblong semlengeren ndelokake kedadean mau. “Apa wong tuwa kere mau diculik ya?” mbok menawa mengkono pangirane.
16
Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010