Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/286

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

celengan yen mbesuk bali menyang Indonesia. Diwaca satleraman bener pangirane Sumi, Tutik nyilih dhuwit kanggo ngirimi anake njaluk sepedha montor modhel anyar sing jarene lagi digandrungi bocah sapantarane anake Tutik. Arep dikandhani yen ora duwe dhuwit Sumi ora tega yen kudu ngapusi Tutik, nanging yen dhuwite disilihake Tutik, Sumi uga butuh dhuwit dhewe. Sumi kelingan nalika isih ana Surabaya, ya Tutik iki sing kerep dijak nyolong supermi yen sega rangsum saka PT sing rupane blawuk kuwi ora kuwagang mbungkem cangkeme cacing sing ana wetenge. Tutik iku uga sing tau dijak mlayu menyang kantor polisi, nalika Herman instrukture arep ngonjak Narsih calon TKW saka Pacitan. Sidane Sumi blaka karo Tutik yen dheweke arep tilik menyang Indonesia, lan kanggo ngedhem-edhemi atine Tutik, Sumi arep ngindhangi anake.

Sandhangan wis lebokake koper werna ijo, ora lali kaos karo clana kanggo Widhi lan klambi anget pesenane mbokne. Kari hem kotak-kotak rupa biru karo clana rupa ireng kang durung mlebu, hem lan clana kang bakal kanggo oleh-oleh Sabar. Dijereng-jereng, dipatut-patut ana sandhuwure dhipan. Dibayangke kepriye mengko yen Sabar nganggo sandhangan oleh-olehe, mesthine tambah nggantheng, ngono angen-angene sing cumithak ana sirahe Sumi. Apa maneh Sabar, najan wong ndesa nanging manut ukurane Sumi wonge klebu rada resik, ora nggales kaya bapake Widhi. Sawise dilempit mlipis digegem kenceng sandhangan mau kaya nggegem pangarep-arep kang ora kepengin ucul. Sabanjure dilebokake koper. Ora lali tiket kang wis ditukokake juragane dicepakake pisan kanggo njagani sesuk-esuk yen budhal tikete ora keri.

Manuk wesi kang gagah pideksa wis wiwit ngambah awang-awang ninggalake negarane Anwar Ibrahim sing lagi luwar saka pakunjaran lan disubya-subya anggotane, ninggalake ka-el kang dadi jujugane wong blanja sa-Asia. Lan ninggalake juragane Sumi kang wis nukokake tiket mangkat mulih kareben Sumi ora suwe-suwe ana Indonesia. Permen karet kang maune lagi krasa sepa lan mungkret bareng karo lakune montor muluk kang tumuju menyang Surabaya. Beda karo kang ana dhadhane Sumi, tansaya cedhak Indonesia tansaya mekar atine kaya jamur dipa kang direndhem banyu teh kang asring diombe simboke. Sok ngono atine Sumi uga nduwe rasa sumelang, gek-gek mengko Sabar ora mapag kaya kang dijanjekake. Dideleng jam kang nggubet ana lengene isih jam wolu patang puluh menit montor muluk iki ninggalake Malaysia. Mungak menjaba langit katon resik, biru kaya segara kang ora ana ombake, siji-loro mendhung putih katon pating prendhul kaya kapas kang kabungcang angin.

Mudhun saka montor muluk ana bandhara Juanda, srengenge durung patiya dhuwur, nanging hawane kutha Surabaya masiya isih esuk panase wis krasa sumlenget. Beda karo desane Sumi najan awan ndhrandhang isih akeh sing kalungan sarung apa maneh yen mangsane rendheng, udane

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

273