Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/283

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

isih saka dalan Barno Engkol wis cuwa, ya gene ora ana wong klemiwer utawa lampune bakul sing pating klelip kaya adate kae? Menggok lawangan, kluwer. Balane padha sumusul, nanging kabeh padha mlongo. Pataran kecamatan katon sepi mamring.

“Bar ngapa yah mene lagi teka?” Hansip sing lagi jaga ana ngarep kecamatan nyedhaki Barno Engkol sabalane sing durung ilang gumune.

“Ana apa?” pitakone cuwa banget.

“Dhek mau awan ana wong ngedum dhuwit. Sapa ae sing arep nonton wayang disangoni, banjur dikon mulih. Wah, ya padha seneng banget,” critane Hansip iku.

Nganti sawetara Barno Engkol mung kethap-kethip.

“La wayangane priye?”

“Ya wurung. Sindhen, niyaga, lan bakul kabeh ya mulih. Sing teka mung Dhalang Jantur karo panitia. Gamelan lan wayange ya njur dilulun digawa mulih. Nggo apus-apus aku nyetel tape, kaset rekamane Dhalang Jantur. Wis kana bacutna olehmu pesta obor!” prentahe Hansip iku karo bali menyang pos.

Jaya Baya, No. 20, Minggu III, Januari 2005

270

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010