Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/280

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Kowe kok pinter, Tur. Ning kanggoku sakanca ya klebu kerja sama sing nyenengne,” tembunge Barno Engkol katon bingr atine.

“Tegese awakmu sarujuk, Bar?” pitakone Jantur mantebake atine.

“Setuju. Ning, kowe aja khianat lho, Tur. Nek kowe mblenjani sida cilaka selawase, kowe!” pangancame Barno Engkol.

“Ora-ora, Bar. Gek aku iki apa ya wani mblenjani marang balamu sing ora mekakat akehe kuwi,” tembunge Jantur mbribiki seneng atine, trike wiwiti ndhalang kondhang bakal kelakon.

Pasarujukan sing tanpa teken ing ndhuwur kertas kuwi wis lumaku kanthi tetaunan. Kanggone Jantur ora dadi apa bayarane ndhalang kanggo wiwitan mung ngesaki dhuwit sethithik. Pawitan jeneng sing kondhang tur ora gawe kuciwane sing nanggap, bakal ngundhakake rega. Regane awak lan regane tanggapan.

Sindhen-sindhen sing maune kipa-kipa emoh melu, bareng dheweke sansaya rame tanggapane padha sms pengin melu pentas. Jenenge dhalang Jantur Jangkar Bumi sansaya kumlebat ing atine masyarakat. Saben ndhalang sing nonton tansah mbludag, ora ana sing mingset nganti tumeka purnane lakon. Klebu suporter sing paling hobi surak-surak lan braokane gawane Jantur.

Supaya luwih gayeng, Jantur malah uga ngrayuk bakul-bakul. Bakulbakul sing ajeg golek dhuwit wayah ana tontonan dirimuk supaya gelem dodol wayah dheweke ndhalang. Janur nyedhiyani trek siji kanggo ngangkat dagangan, budhal mulih. Bakul-bakul kuwi diideri jadwale Jantur ndhalang. Senajan papane adoh bakul-bakul mau mesthi melu. Kanthi mengkono saben-saben Jantur ndhalang mesthi kebak penonton lan bakule jejer-jejer akeh banget.

Jantur sansaya ndedel kuncarane. Sanajan dhalangane iku jan-jane ora pati istimewa, nanging sing nanggap mbanyu mili. Taripe uga melu ndedel ngranggeh mega.

“Aku isih seneng diingu dhalang Jantur, nyatane awake dhewe diuja dhuwit,” kandhane Komar Jlitheng nalika arep-arepan karo Barno Engkol, “Ning saiki jane awake dhewe iki diusir kanthi alus.”

“Kok kowe kandha ngono kuwi buktine apa?” Barno Engkol durung pana.

“Rungokna yen wayah Limbuk Cangik utawa gara-gara kae! Cangik utawa Semar rak mesthi nuturi anake supaya urip iki aja mung nemplek kaya kemladheyan. Manungsa kuwi cirine nek wis dewasa, yen bisa bawa dhewe, bisa mandhiri. Kuwi tegese rak ngusir awake dhewe, ta Bar!”

“Ora mung kuwi,” Jalal sumambung, “saben-saben nyemoni awake dhewe, dadi generasi mudha kuwi aja mung seneng-seneng, kudu ngendhani ma liama. Lho, ngapa kuwi apa ra saya kurang ajar?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

267