Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/279

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SUPORTER ANYAR Harwimuka

Barno Engkol wis ngontak bala-balane. Mbesuk malem taun anyar arep ngerigne balane nonton wayang kulit ing ngarep kecamatan. Dhalange kondhang, Jantur Jangkar Bumi sing lagi ngawiyat jenenge. Maune jenenge mung Jantur. Nom-noman iku mirurut Barno Engkol kemendel. Dupeh dadi dhalang kondhang ngowah-owahi tindak-tanduke. Ora eling sapa sing melu ngumbulne profesine nganti ditepungi masyarakat akeh. Barno Engkol rumangsa udhu panyengkuyung, nanging bareng wis moncer, dheweke lan kanca-kancane dikipatake. Kepara disiya-siya kanthi pitutur liwat antawacana sing nyigar dhadhane.

“Bar, awakmu sing tak percaya sing bisa nglumpukake kanca keh. Saiki aku njaluk tulung awakmu,” tembunge Jantur dhek semana sing rumangsa tangga lan kanca sabarakan, klebu sekolahe bareng nganti teka SMP.

“Gek aku ki isa nulungi apa ta, Tur? Kowe dhewe ngerti pegaweyanku mung hura-hura karo kanca-kanca kaya ngene,” Barno Engkol ngaku jujur.

“Ya njaluk tulung hura-hura kuwi, nyuporteri olehku pentas ndhalang. Yen sing nonton nganti esuk panggah rame, sing naggap rak ya bakal mongkog tur marem atine. Olehku ndhalang uga sansaya laris, merga penonton sing biasane padha mulih bubar Limbuk-Cangik, bakal kepilut ora sida mulih yen katon sing nonton isih akeh. Apa maneh yen balamu gelam surak-surak, wo sansaya gayeng anggonku ndhalang. Aku semangat kanggo ndhalang luwih apik. Pamrihku ngono lho, Bar,” Jantur bombong atine.

“Isa wae. Ning kanca-kanca ya dipikirne ….”

“Kuwi wis takrancang, Bar. Wayah budhal takcepaki kendharaan

kanggo budhal lan mulih. Nalika nyuporteri takwenenhi sangu sing paspasan dhisik kanggo sawengi. Awit takajab awakmu sakanca aja hurahura dhisik nalika aku pentas. Bubar aku nampa bayaran saka sing nanggap, awakmu sakanca takwenehi sangu maneh. Soal awakmu mengko hura-hura wis ora ana ngarepe papan nggonku ndhalang.”

266

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010