Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/277

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Ayu nate nawani yen aku oleh rabi maneh, angger gak entuk arek Malang. Lan maneh rak poligami iku sah, timbang zina,” kandhane diplomatis.

“No … no! Konsekuensine poligami iku abot. Apa Mas sanggup naggung? Mas, iki ora merga aku egois. Wanita ngendi ae gak ana sing milih dimaru. Kajaba ana alesane sing logis,” kandhaku.

“Ya logis ta alesanku. Aku pengin ngrabi awakmu merga aku seneng lan timbang zina,” protese.

“Halah … iku lak klise banget. Mas kulinitas, jenenge!”

“Apa’a gak nggawa-nggawa gender, Yang? Aku luwih realistis. Saiki aku takon, awakmu sayang aku apa gak? Jujur?” takone sing takrasakake nekak guluku.

Masiya aku gak jawab, aku yakin Satria ngerti apa jawabane. Dhuh Gusti, kene apa ora ketemu dheweke patang taun kepungkur? Nalika dheweke durung dadi bapake Angge lan Anggi. Bocah umur rong taun lan patang taun sing saiki nunggu nang omahe.

Boneka pandha ireng putih takgegem kenceng nalika aku mencet bel omah cet putih ujung gang. Mungkin aku munafik, ngapusi atiku dhewe. Nanging dalan iki sing paling apik kanggoku. Masiya kaya ngapa sayangku karo Satria, aku gak pengin ngrebut saka bojo lan anak-anake. Malah sewalike, aku pengin dadi bagian saka keluwargane tanpa kudu dadi bojone Satria. Paseduluran marang Mas Satria, Mbak Ayu, Anggi lan Angge mungkin bisa dadi crita manis kanggoku. Alesan iku sing menehi kekuwatan teka na omahe.

“Sugeng siang, Mbak. Aku Ayang, kancane Mas Satria,” kandhaku karo ngulungake tangan. Wanita ayu sing saiki ngadeg ana ngarepku ikuketok kaku. Dheweke ngawaske aku saka pucuk rambut nganti pucuk sikil.

Mas, apa ae sing tau sampeyan critakke bab aku. Masiya aku durung nate tepung, nanging aku ngerti apa artine panyawang iki. Merga aku lan dheweke padha-padha wanita. Lan aku ngerti banget kaya ngapa wanita yen lagi sujana. Mas, nyatane sing sampeyan critakae nang aku, yen sampeyan sayang aku iki temenan. Sasuwene iki aku nganggep guyon, nanging bareng nyawang mripate Mbak Ayu sing sujana iku …. Ah, apa aku kudu seneng yen nyatane sampeyan sayang aku temenan? Apa aku kudu dadi penjahat neng ngarepe wanita ayu iki?

“Mbak Ayu, sepuranen aku ya, Mbak …, percayoa aku, aku gak bakal ngrebut Mas Satria. Mung Mbak Ayu sing paling cocog kanggo dheweke,” kandhaku tanpa ditakoni.

Dawa-dawa aku njelaske jenis hubungan kaya apa sing takpengini antarane aku lan Mas Satria. Aku ngakoni, ora gampang mateni geni cemburu. Nanging paling ora, Mbak Ayu wis ora kaku maneh ngobrol karo aku. Malah kepara luwih akrab.

264

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010