Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/276

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“He … he … he …, aku lak isa dikethak ambek Mbak Ayu tah, Mas?”

“Gak. Ayu wis takcritani kabeh, kok.”

“Dicritani apa ae? Sing elek-elek ya, ha … ha ….”

“Gak kok, Yang. Takcritani yen awakmu pinter, cerdas. Lan takcritani….”

“Apa Mas?”

“Takcritani yen aku sayang awakmu kaya aku saying nang Ayu,” kandhane kalem ning marahi aku gak karu-karuwan. Nanging aku ageage membumi. Sapa se ora kenal karo banyulane Satria?

“Huahahaha,” aku tambah ngakak.

“Yang, aku serius. Yen gak percaya, takona Ayu,” Sableng!

Sadurunge nglantur, aku age-age nutup flip HP-ku. Gak takreken dheweke. Miscall bolak-balik. Aku SMS, “Iya Mas, tak usahakake DLK nang Malang. AKu mulai tertarik ambek Malang”.

Kota Malang pancen kutha sing exciting kanggoku. Kompleks dhaerahe ditata rapi. Misale ana dhaerah sing jenenge nganggo iwak. Ana Gang Ikan Mas, Mujaer, Pari, lan sapiturute. Dadi yen arep nggoleki alamat luwih gampang. Krungu-krungu nate oleh penghargaan kota terbersih.

“Nanging Malang ora beda karo kutha-kutha liyane Yang …, meria diri,” kandhane Satria sing nggawa mobile alon-alon, nlusuri dalan protokol kota iku. Yen saka praupane, jelas dheweke ora kaya bintang filem. Malah sadurunge ketemu, dheweke kerep kon mbayangke praupan sing paling elek, yaiku Satria. Ning jelas, asline ya gak separah iku. Apa ae wujude, aku kagum marang pemikirane lan prestasine.

“Akeh mall, ya Mas?”

“Ya mall, perumahan elite, lan sabangsane. Akeh bangunan bersejarah sing kudu digusur merga iku. Ah, embuh Yang …, aku gak mudheng priye bangsane dhewe iku menghargai sejarah. Beda ambek bangsa Uni Eropa sing duwe apresiasi dhuwur ambek bangunan bersejarah.”

Satria … Satria …, ana cahya sumunar saka praupanmu masiya kulitmu peteng. Cahya semangat yen lagi dhiskusi sing narik kawigatenmu. Ya iku sing njalari aku ngrasakake beda. Rasa sing kadung adoh saka kekancan antarane aku lan kowe. “Apa awakmu gak gelem ngakoni yen sayang karo aku, Yang?” pitakone karo mandeng aku. Angin sore semilir nggawa sedheping kembang apel.

“Apa’e se Mas? Kaya arek SMA ae,” kandhaku sakecekele.

“Yang …, aku serius. Aku pengin ngrabi awakmu.”

Hups! Apel manalagi sing lagi takmamah kandheg ana gurung. Aku ambegan landhung, nata ati. Sajake wis gak isa digawe guyon.

“Mas, aja nglindur! Ya apa rasane Mbak Ayu yen sampeyan pengin rabi meneh?”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

263