Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/275

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wow! Exciting! Mungkin kaya ngene iki rasane yen arek SMA entuk surat saka sing bintang filem apa penyanyi idolane. Naning aku rak wis ora ABG maneh, malah umure wis arep kepala tiga. Masiya ngono, tokoh iki isih menehi inspirasi kanggo nglairake tulisan. Wiwit email iku, aku lan dheweke sering dhiskusi via internet. Ngati ora krasa, hubunganku kaya-kaya dadi cedhak masiya durung nate ketemu.

“Ayang … Ayang, percaya men kon ambek internet? Kon ngerti tah yen cyber love iku mung imaginasi, ilusi, halusinasi lan sabangsane?!”

komentare Anis, kancaku sakantor nalika aku crita bab Satria. “Aku ora falling, Nis! Trust me! Wong Mas Satria wis merrid kok,” protesku.

“Lhadalah! Malah wis merrid?!” bengoke Anis. “Yang, iki dudu saran ning ultimatum! Aja diteruske ya, Cah Ayuuu! Iku jenenge dolanan geni!”

“Aja ngeres ngono lah, aku mung kagum karo tulisane, karo kecerdasane. Gak luwih kok,” kandhaku kalem.

“Yang, yen aku krungu ngene saka telpun, aku isa ae percaya. Tapi aku isa nonton mripatmu …, mripat iku gak tau ngapusi. Wis, Yang …, aku gak pengin berdebat panjang. Aku gak setuju!”

Anis age-age ngentekake juice jambu, terus ngilang neng ruangane sing adhep-adhepan karo ruanganku. Ah, ora …. Aku kagum karo Satria merga tulisane, merga profesine. Ora luwih saka iku, batinku kanggo ngilangake pikiranku sing tekan ngendi-endi.

Wektu lumaku bisu. Jakarta tambah tuwa rasane. Macete tambah nggilani. Mall, toserba lan sabangsane saya akeh dibangun. Semrawute kutha sangsaya krasa. Nanging priye maneh, kahanan ngono iku kudu takadhepi saben dinane. Jakarta sing kudune rame meriah, malah ndadekake atiku krasa temlawung. Sepi ing tengah keramian. Mungkin merga kahanan sing adoh sedulur, adoh kanca raket, surat-surate Satria dadi obat mujarab. Kanggoku dheweke dadi paket all in one. Kanca ngudarasa, guru sing ngajari dunia jurnalistik sing kadhang abu-abu lan partner dhiskusi sing hebat.

“Ya ngono iku, Yang … sing ndadekake aku betah neng Malang. Aku nate dikon dadi redhaktur nang Jakarta, nanging atiku emoh. Mbayangke kotane ae wis mumet,” kandhane Satria saka seberang.

“Iya, Mas …, Malang kotane asyik, ya?”

“Adhuh, Dhik …, sing jelas adoh yen dibandhingake ambek Jakarta.

Awakmu durung nate nang Malang, tah?”

“Emmm …, liwat si tau. Pas arepe nang Mahameru, taun 2000.”

“Ngene ae, usulan DLK (Dinas Luar Kota-pen) nang Malang. Yen

acc, mrene takterna muter-muter sakatogmu.”

“Serius?” aku semangat banget.

“Serius Sayang!” krungu diceluk sayang rasane kepengin ngakak.

262

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010