Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/274

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SADAWANING REL JAKARTA-MALANG Titik Kartitiani


Satria! Sapa sing gak kenal dheweke. Ing kalangan aktivis, politikus apa maneh wartawan, kabeh mesthi kenal. Penampilane prasaja, nanging supel. Kahanan dadi sumringah yen ketekan dheweke. Ana ae sing diomongake lan kabeh mesthi bisa gawe guyu. Mulane, yen lagi liputan neng Lembaga Pemerintah utawa DPRD, sing kerep kudu nunggu nganti wektu sing gak isa ditentokake, Satria mesthi diarep-arep.

“Pelawake Malang durung teka? Apa entuk ordher liya?” cluluke Yos, reporter harian politik. Praupane lecek merga wiwit jam wolu esuk nunggu sidhang sing gak bar-bar. Kahanane mboseni, reporter liyane gak ana sing kumecap. Nanging bareng Satria mencungul, kabeh padha keplok-keplok. Sing dikeploki kalem ae, mung klepas-klepus ngrokok. Pancen dheweke duwe kodrat lucu. Isa gawe guyu mung merga disawang.

“Ancene susah dadi arek nggantheng tur pinter iku!” cluluke tanpa dosa. Byeh … byeh, masiha krasa neg akhire kanca-kanca ya ngakak. Bubar ngono iku mesthi ana ae critane sing marakake ngguyu. Iku critacrita sing takrungu saka kanca-kanca wartawan dhaerah ngenani Ksatria Awangga, wartawan harian lan kolumnis iku.

Aku dhewe durung nate ketemu karo dheweke. Nanging aku rumangsa akrab, ora liya merga kerep maca tulisane. Satria iku malik wujud nalika maca tulisane. Gak ana sing nyangka yen tulisane bermutu, cerdhas, lan inspiratif iku digawe saka wong sing kebak guyu lan konyol. Akeh tulisane sing menehi inspiratif kanggoku. Aku kagum!

Tampa daksadhari aku wiwit mbayangake isa cedhak karo dheweke. Saking penasaran, aku nekad ngirim surat via internet. Pengin kenalan lan dhiskusi. Nanging aku gak ngarep-arep dibales. Kanggone wartawan senior kaya dheweke, mesthi ae gaweyane saabreg. Gak bakal mbalesi email “iseng” kaya saka aku iku. Nanging ora nyangka, emailku dibalesi.

“ … senang aku menerima suratmu, Adik. Jangan pernah minder, sebuah perjalanan panjang itu pasti ada langkah pertama. Hanya permasalahannya aku sudah melangkah terlebih dahulu. Aku tunggu surat berikutya. Salam angat, Ksatria Awangga.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

261