Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/272

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Mbak Krit …, Mbak Kriting…,” Winardi nekad aruh-aruh.

Geerrr …, kanca-kanca padha ngguyu.

Ora nyana, ora ngira yen Sekar Arum noleh. Malah banjur mbalik, jumangkah nyedhaki Winardi. Sakala aku dheg-dhegan, kuwatir yen nganti Sekar Arum nesu merga kesinggung diundang Kriting. Kancakanca liyane padha meneng. Sajake uga nduweni kekuwatiran padha karo aku. Aku mbatin, “Kapokmu kapan! Yen kulina clebang-clebung ya ngono kuwi oleh-olehane. Rasakna! Kowe bakal kuwirangan tenan!”

Pangiraku kleru. Sekar Arum ngulungake tangane ngajak salaman. Karo mesem manis. Winardi katon glirah-glirih anggone nampani.

“Panjenengan ingkang asma St. Winardi?” Sekar Arum takon.

“Leres.”

“Nyuwun sewu, St. menika nemapa cekakan Slamet?”

“Inggih. Wonten menapa?”

“Kula wastani Sultan ….”

Geerrrr …. Wong-wong ngguyu bareng. Aku ya melu ngguyu.

“Panjenengan rak ngasta wonten SMP, ta? Guru SMP?”

“Mboten klentu.”

“Kula mireng, guru SMP inggih wenang dados Profesor?”

Geerrrr …. Wong-wong ngguyu maneh, luwih seru, luwih suwe. Winardi praupane abang ireng. Sekar Arum sing katone klemak-klemek, jebul seneng guyon. Winardi sing bathuke jembar ngilak-ilak diarani Profesor. Kapokmu kapan, Win! Saiki kowe ketanggor!

Saka wirang dadi padhang. Unen-unen kuwi trep tumrap lelakone Winardi. Dheweke bisa akrab karo Sekar Arum. Dheweke diwenehi alamat lan nomer telpune Sekar Arum. Dheweke ya dikon menyang Kepanjen. Lan sasuwene Kongres Sastra Jawa, Winardi runtang-runtung karo Sekar Arum. Anggone rembugan wis ora basa maneh, nanging ngoko.

Mulih saka Kongres, Winardi kerep telpun Sekar Arum. Saben bubar telpun mesthi dheweke crita karo aku. Winardi uga kirim layang, Sekar Arum ya gelem mbalesi. Malah layang wangsulan saka Sekar Arum dituduhake aku. Ukara-ukarane romantis, sajak menehi pangarepa-arep Winardi sing ngelak sih katresnane wanita. Muga-muga wae Winardi sida kepethuk wanita idhamane. Sajake si Kriting, eh … Sekar Arum ora mung arep dolanan atine Winardi.

“Aku wis mantep tenan, Har. Si Kriting arep daklamar,” kandhane Winardi. Aku ngerti, dheweke njaluk tetimbangan aku.

“Anu, Win. Apa dheweke durung duwe bojo?” panlesihku.

“Apa aku durung crita?”

“Baba pa?”

“Dheweke randha. Bojone guru, telung taun kepungkur wis kapundhut Sing Kuwasa, jalaran lever.”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

259