Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/270

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KRITING Sugeng Wiyadi

Weruhku sepisanan ing Gedhung Gema IKIP Ketintang nalika ana Seminar Revitalisasi Pembelajaran Bahasa Jawa. Dedege kepetung cendhek. Kulite kuning, praupane bunder, nanging janggute nyathis. Memanike mripat ireng bunder, yen nyawang tajem. Lan rambute? Ya rambut kriting kuwi sing katon manjila. Mung dheweke sing rambute kriting, liyane ora ana.

“Win kowe ngerti, sapa wanita lungguh kursi barisan pener tengah kae? Kae lho, Win, sing rambute kriting?” pitakonku marang St. Winardi (sateruse cukup daksebut Winardi).

“Kowe ki yen nggunakake tembung basa Jawa ya sing pener, Har!” ora mangsuli pitakonku, Winardi malah ngritik. “Kriting kuwi tembung basa Indonesia, Yen basa Jawa ya brintik!”

“Ya wis, brintik. Kowe ngerti, sapa?” pangatagku.

“Kowe kok takon, apa sir?”

“Ora. Mung kepengin weruh jenenge.”

“Lha wong aku sing sir wae durung weruh jenenge!”

Aku kapeksa ngguyu krungu wangsulane. “Gendheng” batinku.

“Asmanipun Ibu Sekar Arum,” dumadakan sawenehe ibu ing sisih tengene Winardi menehi weruh. “Dalemipun Kepanjen, Malang.”

“Sekar Arum? Wah asmanipun sae, nggih?” tumanggape Winardi, “Piyambakipun menapa guru?”

“Sanes, sanes guru.”

“Menapa?”

“Angel anggenipun mastani. Profesinipun kathah.”

“Kathah?”

“Rias penganten, penyiar radhio, ugi pengarang.”

“Mangke rumiyin. Kula dereng nate sumerep asma Sekar Arum ing majalah utawi koran?”

“Menawi nyerat ngginakaken asma singlon, Si Kriting.”

“Ooo ….”

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

257