Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/269

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

“Ora kena! Mundhak dilaporake Polisi.”

“Ora!”

“Aku ora percaya!”

“Yen ngono, aku pengin ngambung pipimu. Mengko taktambahi sepuluh ewu meneh.”

Bocah iku nyedhak. Ning, nalika Mbah Tuwa iku kanthi rasa welas arep ngrangkul, tibake wetenge dipapag nganggo glathi. Tumancep pucuk glathi nembus klambi lan kulit. Perih rasane. Bocah iku sangsaya kenceng anggone nyublesake glathine. Getih wis nelesi klambi. Mung Mbah Tuwa iku katone wis kasirep dening rasa welas asih, dadi ora arep nglawan kanthi cara apa bae. Sebab yakin yen ora bakal tumekaning pati mung jalaran saka glathine bocah cilik.

Sawetara mbulan ing langit lagi ndhelik ing dhadhane mega. Ning lintang-lingtang sing patin gkrelop babar pisan ora bisa menehi tetulung. Tumawuring cahya kaya tumawuring ati kang tetangisan. Angin ngisis. Gereng-gerenge bis dadi gendhing kang kaprungu aneh.

Ilining getih kang manthur sangsaya banter. Kekuwatane Mbah Tuwa sangsaya suda. Terminal katon kuwalik, bumi katon obah, lan langit katon arep ambrol. Angin krasa panas. Nalika glathi arep direbut, bocah iku dumadakan mlayu lan nguncalake glathi iku ing got. Getih nggudrahi tangan. Pungkasane, sesawangane Mbah Kakung katon peteng, peteng banget!

Ing sangisore mbulan kang remeng-remeng, lintang kang kumerlop, Mbah Kakung ngrungkebi bumi, ora eling. Sawetara putra-putrane kang nembe wae teka ing terminal, saiki lagi poyang-payingan nggoleki. Ya gene katresnan kang tulus iku mung tumangsang ing pucuke glathi?

Jaya Baya, No. 21, Minggu IV, Januari 2005

256

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010