Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/266

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ING TERMINAL Kus Tajianto

Bocah cilik iku isih rumangsa gela marang kahananing omahe sing kosong tanpa bapak lan emak, sing lunga tanpa kandha. Lunga embuh menyang endi. Gegeran kaya mangkene iku satemah wis asring disekseni. Mung sing nembe saiki kahanane dadi bubrah temenan. Tanpa dingerteni jalarane. Mangka wong-wong iku wis sepuh, mangkono pamikire bocah iku.

Nganti ora krasa jebul wengi wis sangsaya wengi, mangka wetenge sing kroncongan uga wis saya luwe. Bocah iku kaget. Kaget ya gene kok wiwit awan mau wetenge durung kelebon sega. Arep jajan ora duwe dhuwit. Dumadakan sumedhot atine. Krasa perih, perih yen ngelingi dinadinane sing wis kawuri.

Iya, wengi iki, wengi sing marakake bocah iku kaya mentog pamikire. Mikir piye carane golek pangan dhewe tanpa wong tuwa. Akhire bocah kuwi bali mlebu ngomah, lan nemu glathi kang kumilat kena cahyaning listrik. Sajak kaya nemu wisik yen glathi iku bisa kena kanggo golek pangan, goleh sandhang lan bisa keturutan apa sedyane, dheweke banjur metu saka ngomah.

Banget bungah atine, makantar-kantar semangate. Angin nyisir rambute lan ngelus pipine kang pucet. Kendharaan sing gereng-gereng, klakson sing pating crothet, pratandha yen dheweke wis mlebu wewengkon terminal. Sakehing menungsa lan kendharaan kang sarwa sibuk, kang sajak ana sing lagi dioyak, kanggone bocah iku marakake bingunging pamikir. Ora ngerti babar pisan apa jalarane wong-wong lan kendharaan iki kok nganti kaya ngene sibuke?

Bocah iku banjur nyedhak. Jangkahe kandheg sawatara jalaran ana petugas ing peron sing njaluki karcis marang wong-wong sing liwat. Bocah iku mundur ngedohi. Lungguh ana papan sing ora sinawang petugas jaga peron. Ana agas mabur saka bokonge. Ana ganda badheg saka got sing mampet. Ana lawa mabur ngliwati sirahe, muter-muter banjur cemlorot adoh embuh menyang endi parane. Nalika rembulan ing langit lagi gegojegan karo lintang, eseme narik kawigatene bocah iku.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

253