Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/263

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sing ana SDSB. Dheweke ora dhemen kepara ora gelem nembak awit SDSB iku songkak tegese sing kosong dibukak, mulane sing udhu utawa sing nembak akeh lupute lan kerep kalahe katimbang menange. Senajan yen menang entuk-entkane tikel ping 75, Soinah ora kepengin udhu utawa nembak. Diiming-imingi kanca ya ora kenyut gah melu.

Nalika semana mbeneri dina Akad Kliwon pasaran Dongko. Jam 13.00 Soinah bali saka pasar, manole dikon bali dhisik, dheweke arep mampir omahe kanca bakul.

“Kang Mangil, sampeyan baliya dhisik, mangane njupuka dhewe ora sah ngenteni aku. Aku mampir nggone Yu Jumilah, jagong sunatan,” kandhane marang si Manol Mangil.

“Nggih, Yu, mangke napa nginep? Nek kewengen mangke kula susul.”

“Ah, ora. Mung sedhela, kok. Apa maneh awakmu rada kesel, perlu ngaso sing cukup,” mangkono semaure Soinah kalem nyenengake sing krungu.

Wis cedhak omahe, olehe jagong wis cukup. Soimah enggal bali, ora nganti kewengen. Saka kadohan ketara wong krompol-krompol, embuh apa sing dirubung.

“Napa, Kang sing dirubung nika?” takone Soinah marang wong kang mentas melu ngrubung. Lakune direkatake supaya enggal weruh ana apa kok akeh wong. Mengko gek ana bab sing penting sing perlu pitulungane. Pancene mono Soinah iku wong loman, seneng tetulung.

“Ana apa Kang kok akeh wong, ngarep kae?” pitakone marang wong kang lagi ninggalake papan kono.

“Niku lho, Bu. Enten tiyang kitha sugih yatra mbandar Doleh—sing landa sing oleh—. Tiyang-tiyang niku sami kalah. Bandare menang terus. Banjete pinter omongane menarik. Milane tiyang-tiyang sami kepencut njur sami udhu.”

Lakune Soinah dirikatake supaya enggal tekan panggonan doleh iku. Bandare doleh dhuwite akeh sing udhu kalah kabeh, ewa semana sing ngrubung isih akeh. Soinah satekane kono saya ngangseg olehe nyedhak. Terus uwak-uwik ngetokake dhuwit melu udhu. Pisan, pindho udhune dikukup bandare. Soimah tenang wae ora duwe rasa emosi senajan kalah. Disengaja udhune mung sithik-sithik.

Bandar doleh nglirik kanthone Soimah sing akeh isine. Tembunge sajak ngece lan nyepelekake, sajak mancing-mancing supaya Soimah olehe udhu luwih akeh.

“Wong wedok kok udhu doleh, apa ya isa, mbok dhuwite dingehne bandare kene wae. Sokur karo wonge pisan!”

Soinah isih tenang-tenang wae, malah genti takon, “Mas, upamane sing gambar Landa niku kula bukak dhewe napa angsal?” takone.

“Lho, angsal mawon! Napa malih sing mbikak wong ayu. Wah …,

mesthi oleh.” wangsulane si Bandar kelegan atine.

250

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010