Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/261

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

bocah enom sing durung nyekel pegaweyan kaya dheweke iku? Salahsalah protese malah njlomprongake awake dhewe.

Kapeksa Tajud mung bisa mendhem rasa mangkele, kanthi nuhoni apa kang didhawuhake Pak Lurah. Mikir golek gaweyan, golek dalane urip, kanthi migunakake dhuwit sayuta rupiyah paweweh saka Pak Lurah, amrih bisa dienggo modhal nyambut gawe.

Tajud pengin nglalekake kedadeyan sing nganyelake mau. Mung arep mikir kahanan pribadine, kareben enggal mentas, lan ora ngriwuki wong tuwane. Dheweke wis arep lunga menyang kutha, golek gaweyan.

Nanging, sadurunge rancangan kuwi kaleksanan, awan-awan omahe ditekani dhayoh loro sing nggawa surat penangkapan. Tajud sing durung ngerti salahe mung plenggang-plenggong sinambi takon, “Lepat kula menapa, Pak?”

“Ndadak takon barang! Apa kowe ora ngrumangsani yen wis nate ngapusi Bapak Menteri, banjur nggawa mlayu bantuan pemerintah kanggo Karang Taruna.”

“Sanes kula ingkang nylewengaken bantuan menika, Pak. Nanging Pak Lurah!” kandhane Tajud ngengkel.

“Kowe kuwi wis nyolong, isih arep gawe-gawe omong. Ayo! Melu menyang kantor Polisi.”

Kanthi dikawal Polisi loro, Tajud lumaku ninggalake omah. Sepisan iki, sing dialami Tajud dudu sandiwara.

Jaya Baya, No. 46, Minggu III, Juli 2004

248

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010