Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/260

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

manthuk-manthuk, sajak nggatekake. Ndadekake bocah nom kuwi sangsaya semangat anggone ngobral ukara.

“Kanthi rekadaya piyambak, sarta pitedah saking kerawat desa, utaminipun Bapak Lurah ingkang mboten waleh-waleh paring pambiyantu, wiwit saking moril dumugi materiil, ndadosaken sedya unit usaha binaanipun Karang Taruna, saget lumampah kanthi sae. Nanging sedaya usaha ingkang sampun lumampah menika, pranyata dereng saget nyukani wadhah dhumateng sedaya potensi lan kreasinipun para mudha ing desa mriki. Amargi saben taun sangsaya kathah para mudha ingkang namataken sekolah lan mboten saget nerusaken dhateng pawiyatan luhur, amargi mboten nggadhahi biaya. Ndadosaken Karang Taruna rumaos perlu ngedegaken unit-unit usaha enggal malih. Pramila, kula nyuwun kawicaksananipun Bapak Menteri, supados kersa paring pambiyantu, arupi sarana utawi prasarana, kangge ngrembakakaken unit usaha enggal menika,” ora beda karo bakul obat ing pinggir dalan, Tajud ngobral omongan kanthi makantar-kantar, kaya sing dadi pesene Pak Lurah.

Tajud sing ora ngira babar pisan yen panyuwune bakal kinabulake, gage-gage nyusun rancangan kanggo migunakake barang-barang bantuwan pemerintah iku. Dheweke kepengin ngedegake Karang Taruna sing temenan. Dudu mung Karang Taruna fiktif kaya sing ana jroning lapurane Pak Lurah sasuwene iki.

“Apa dikira gampang ngurus barang semono akehe?” kandhane Pak Lurah nalika Tajud mbabarake rancangane.

“Kersanipun Pak Lurah?”

“Anggepen wae panyuwun sing kokwedharake nalika acara temu wicara sasi kepungkur kae ora dikabulake. Kowe ora usah mikir wernawerna. Luwih becik mikir awakmu dhewe sing isih durung duwe pegaweyan. Lan dhuwit iki mbokmenawa bisa kokgawe tambahan modhal,” ujare Pak Lurah sinambi ngulungake sepuluh lembar dhuwit atusan ewu.

“Lajeng barang-barang bantuan saking pemerintah menika, kados pundi, Pak?”

“Kuwi urusanku!”

“Nanging barang-barang menika rak gadhahanipun Karang Taruna, Pak?”

“Karang Taruna sing endi? Ing desa kene iki apa nate ana organisasi sing jenenge Karang Taruna? Anane rak ya mung ana njero kertas-kertas lapuran.”

Tajud kamitenggengen krungu ukara-ukara iku. Senajan ora diterangake luwih dawa maneh, dheweke ngerti apa maksude. Pak Lurah arep ngehaki barang-barang duweke desa iku. Tajud rumangsa mangkel, nanging dheweke ora ngerti carane ngudhar rasa mangkele. Dheweke pengin protes, nanging sapa sing gelem ngrungokake pangudarasane

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

247