Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/258

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SAKWISE ACARA TEMU WICARA Agus Kurniawan

Urip lan panguripan manungsa kuwi, gampang banget malih rupa. Kaya kadadeyan ing impen. Mengkono kang dirasakake Tajud nalika diundang Pak Lurah, dikon mara menyang kantor desa. Dheweke babar pisan ora ngira yen bakal entuk undhangan resmi saka kelurahan. Ora nyangka yen Pak Lurah bakal meruhi jenenge ing antarane maewu-ewu warga. Ndadekake rasa mongkog jroning dhadhane. Luwih-luwih bareng ngerti kekarepane Pak Lurah.

“Sampun gojeg ta, Pak. Menapa nggih patut kula dikersakaken ndherek mbagekaken rawuhipun Pak Menteri?”

“Paedah apa ngajak kowe gojeg, Jud. Aku ora goroh. Pak Menteri pancen arep rawuh neng desa kene, seminggu maneh. Yen ora percaya, iki wacanen layang saka kabupaten,” Pak Lurah ngulungake kertas saksuwek, sing ditampa lan banjur diwaca dening Tajud.

“Nanging kenging menapa ingkang kajibah mbagekaken Pak Menteri menika kula? Ing desa mriki rak kathah tiyang-tiyang ingkang langkung pinter-pinter. Malah ingkang kagungan gelar sarjana mboten namung setunggal kalih.”

“Iki wis dadi mupakate krawat lan sesepuh desa. Kabeh wis sarujuk yen kowe mengko sing dadi wakile nom-noman.”

“Kula menika saged dipunwastani pengangguran lho, Pak. Pendhidhikan nggih namung tamat SMU.”

“Nanging kuwi nduweni kaprigelan ing babagan seni peran. Aku weruh dhewe, merga nate nonton anggonmu main drama rikala acara lepas pisah murid-murid sekolah. Aktingmu istimewa!” pangalembanane Pak Lurah.

“Lajeng sesambungaipun kaliyan rawuhipun Pak Menteri menika, punapa?”

Krungu pitakone Tajud, Pak Lurah banjur mbeberake sawernaning rancangan kanggo mahargya rawuhe Bapak Menteri. Ora lali nerangake jejibahan kang kudu diayahi Tajud, yaiku dadi Ketua Karang Taruna, jabatan sing babar pisan durung tau diimpekake. Ora merga dheweke

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

245