Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/254

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Trimo panggah meneng wae. Suwe-suwe malah luwe terus tumetes tas-tes. Ndlewer menyang pipi. Banjur bali nggloso karo kethap-kethip. Wingi kumat bingunge. Lungguh ngadeg, lungguh ngadeg, mubengmubeng. Ora jenak lungguh. Sawengi ora bisa ngliyep. Sambat-sambat, ning sapa sing arep nulung. Resepe dhokter wis entek pirang puluh lembar wae? Dhukun? Embuh pirang bal, teh karo rokok. Menyang kiai? Pirang puluh kebet donga karo pirang puluh jrigen banyu putih, iya wis dientekake. Anggere lingsir bengi, Mbok Sutik uga nganti kentekan sebut.

“Gusti Allah, gek ya dosa napa sing tak sandhang niki. Ndhisik aku sing lara nganti pirang-pirang taun. Njur saiki? Lagi sedhela wis genti Trimo. Ya wis, yen pancen kudu kaya ngene panandhangku,” Mbok Sutik mingseg-mingseg, najan biasane judhese kaya bledheg.

Jane kuncine ya ana dheweke dhewe. Angger dheweke isa sadhar marang kanyatan, penandhange enggal bakal entuk tamba. Lha ning ngerti bocah lara kaya ngono, karo mboke kuwi malah kerep digetak-getak. Diunek-unekake, dileh-lehake. Dadine, ditambanana entek pirang kwintal kae, ya tetep kaya ngono kuwi. Ya piye maneh wong mboke ngertine mung sawah. Besik suket. Nggendhongi rabok. Nganti kuluk. Rambute sing wis putih pating slawir kaya riwug. Kathik sing lanang ya wis ndhisiki ninggal donya.

Bedhug-bedhug Mbok Sutik bali saka sawah. Gawane ngregiyeg. Senik semono gedhene kebak mencep-mencep. Isine lethong garing ditutupi godhong mlandhing setekem.

“Isih mblenjer wae kuwe kuwi, ya Mo? Ora krungu wedhus pating glembor kae? Nggadhuh cempe wae lanang. Mbok ya disenggrutsenggrutake godhong gedhang kono! Iki, brukana godhong mlandhing kana! Wong kok ora nggagas Triii, Trimo. Kok kebangeten. Mungguhna wetengmu sing ngelih ngono apa ya ora klabakan. Dadi wong ki mbok ya sing kaya wong. Pilangmbara wong gerang teka mbok ya dilerke wedang. Gek arep dadi apa ta Mo, kowe mbesuk? Lara ya lara. Ning kapan marine nek mung kok enggo turu karo kethap-kethip, ndlongop…. Adus, nek rung bedhug rung adus. Nyapu-nyapu jogan meneh gelema. Sambate mung le bingung. Jude, mangan ya doyan! Judheg, aku ngrasakake awakmu!”

Karo ngebrukake senik ing tritisan omah pawon embokne wis ngunen-uneni maneh. Ora nggagas rambute sing awut-awutan. Kringete sing kaya wong adus. Roke sing wis suwek kesempyok angin. Sedheng kotange wae wis pethot sesisih gantilane. Lethong dibrukake neng latar kareben garing, kena-kena kanggo urub-urub. Senik diuncalake natap lincake Trimo. Godhong mlandhing dibrukake wedhus.

“Trimo! Krungu ora, enek wong muni-muni ngene iki?” jelihe mbokne Trimo.

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

241